Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

SERAT CENTHINI I.7



71. Pocung
1. Datan mawi cariyosan kesahipun | Jayèngrêsmi nama | kalunta prapta ing ngriki | tan kapanggih wartos kewala tan angsal ||
2. Ariulun sru trêsna mring kadangipun | datan kêna pisah | wasana tinilar anis | datan kêna pinênggak dènnya ngupaya ||
3. Kyai Umbul duk myarsa asru gêgêtun | aris aturira | anggèr dèn santosèng galih | rakapara ing mangke taksih raharja ||
4. Karsaning Hyang ing mangke dèrèng panuju | sang dyah angandika | kaki dadi maksih urip | kakang Jayèngrêsmi kang ingsun upaya ||
5. Sukur-sukur jangji tan tumêkèng lampus | salawaseneya | kaki besuk rak kapanggih | Umbul matur inggih makatên èstunya ||
6. Ulun atur sugata sawontênnipun | pan namung lumayan | minangka jampi kalantih | radyan (n)dhêku kalihnya wus samya nadhah ||
7. Wusnya rampung linorodkên Buras sampun | kacung (n)dika nadhah | sampun mawi isan-isin | lêbaring kang nêdha wanci surup surya ||
8. Wus ginantyan tranggana abyor kadulu | mangsanya katiga | sumilak ing ngawiyati | jumalêgur swaranya arga Lamongan ||
9. Radyan (n)dangu punapi ingkang karungu | Ki Umbul Sadyana | umatur pucaking ardi | wontên kawah anyêmburakên dahana ||
10. Langkung sae tiningalan saking dhanu | ing wingking punika | saking dhusun botên têbih| Tirtamaya cêtha layanganing arga ||
11. Sang dyah rara matur kakang aku milu | Ki Umbul Sadyana | miwah tamunira kalih | wus umentar prapta tepining talaga ||
12. Dhanu agung Tirtamaya jro kalangkung | angalangut wiyar | pungkasan têpi kang sisih | kawistara têka lambunging prawata ||
13. (n)Dêdêr mancut lir kukusan adêgipun | wayanganing arga | ngalela nèng tlaga kèksi | nyêmburakên dahana saking ing kawah ||
14. Wêdaling pyu tinon lir puspita arum | sumêmbur tan kêndhat | sumêbar ing ngawiyati | tumurunnya lir pendah jawah dahana ||
15. Rênèng kalbu radyan miwah sang rêtnayu | tan ngêmungkên ingkang | katingal ing ngawiyati | asri tinon layangan kang nèng talaga ||
16. dadya jumbuh ngandhap nginggil sêkar latu | katêmbèn kalihnya | umiyat wêdaling api | tanpa kêmba karya ascaryaning driya ||
17. Nèng têpining talaga sadalu muput | sadaya tan nendra | (n)dungkap wanci pajar gidib | radyan amit maring Ki Umbul Sadyana ||
18. Aksamanta kaki marang jênêngingsun | rèhning wus raina | kula lajêng saking ngriki | (n)dumugèkkên ing lampah ngupaya kadang ||
19. Ki Sadyana matur anggèr yèn panuju | wangsula mring wisma | pun nini wus nyadhiyani | sasarapan sakawontênanning arga ||
20. Inggih kaki sangêt ing panrimahulun | pasihanta mring wang | nanging (m)bujêng mumpung enjing | Kyai Umbul (n)dhêku umatur sumangga ||
21. Ulun matur pamudya rahyuning laku | ywa na kara-kara | inggih kaki sami-sami | ingkang kantun manggiha suka raharja ||
22. Sampun linggar saking ing Lamongan gunung | lajêng lampahira | ruruntungan lawan ari| katri Buras nèng wuntat datan atêbah ||
23. lampahipun nèng ngênu datan winuwus | prapta padhukuhan | Kandhangan sukuning wukir | ing Sêmèru talatah nagri Lumajang ||
24. Kèndêl ana sangandhaping mandira gung | ing têpining sêndhang | sang dyah cawuk-cawuk warih | sarwi anon wadêr bang kang gung liwêran ||
25. Tan karasa rapuning sariranipun | kasêngsêm myat mina | bayak molahakên dhiri | èsthanira manêmbrama mring sang rêtna ||
26. Tan pantara dangu pangagênging dhukuh | ing Kandhangan prapta | kakasih Sèh Amongbudi | lajêng sasalaman kalawan rahadyan ||
27. Sawusipun jawab asta Ki Sèh matur | kula nilakrama | sang adi sintên kakasih | lawan saking pundi kawijilannira ||
28. Ngandika rum rahadyan mangsuli wuwus | kula Jayèngsêkar | saking nagari Garêsik | ingkang wontên têpining sêndhang punika ||
29. Kadang-ulun Rancangkapti namanipun | kalunta ngupaya | kadang sêpuh ingkang anis | Radèn Jayèngrêsmi tumêkèng samangkya ||
30. Dèrèng pangguh warta kewala tan antuk | paman sintên nama | anggèr kang sarju mastani| Amongbudi pinisêpuhing Kandhangan ||
31. Karannipun Sèh Kandhangan ing Sêmèru | kalamun sêmbada | putrakula myang kang rayi | kaparênga kampir dhumatêng wismamba ||
32. Anglêrêpna sarira ingkang arapuh | têmbe yèn wus tingkas | sumangga ingkang kinapti | turnya radyan ulun andhèrèk-sakarsa ||
33. Amung rarenipun dèrèng kula tantun | rara paran karsa | pamintane Amongbudi | iya kakang prayoga kampir ing desa ||
34. Amongbudi kalangkung sukaning kalbu | radyan sakaliyan | wus kerit mring dhukuhnèki| praptèng wisma ngalêmpakkên kulawarga ||
35. Rabinipun kinèn asasaji gupuh | gantèn wedang kahwa | gula siwalan rum manis | dhadhaharan sêkul myang ulam-ulaman ||

72. Dhandhanggula
1. Kawarnaa dènnira sasaji | wus samêkta gya lumadyèng ngarsa | tinata katharèk-tharèk | Sèh Amongbudi matur | dhuh nak anggèr bilih marêngi | pun bapa tur sugata | ing sawontênnipun | saèstu kirang mirasa | rèh parêdèn samukawis sarwa langip | amung karana Allah ||
2. Inggih paman nadyan nêmbe prapti | raosing tyas wus lêlanan lama | têka tan na pakèwêde| Amongbudi gumuyu | pan kakênan sabda sang pêkik | rahadyan sakaliyan | anadhah pikantuk| riwussira cinarikan | linorodkên mring Ki Buras wus abukti | tutuk dènnira nadhah||
3. Amongbudi ngancarani malih | lah punika pamangsêg dhaharan | wedang kahwa êsês gantèn | Jayèngsari andhêku | kono yayi sasambèn linggih | wus samya dhadhaharan | sakaparêngipun | rahadyan aris tatanya | arga pundi kang mawa kukus kaèksi | Sèh Among aturira ||
4. Ing Sêmèru pucaking kang ardi | mawi kawah dalu lawan siyang | (n)dalêdêg mêdal kukuse | mung asring-asring nyêmbur | ngêdalakên latu ananging | tan karya kasangsaran | nahan wanci surup | baskara ginantyan wulan | wanci Mahrib tinêmbang kênthongannèki | pra santri kathah prapta ||
5. Samya ngambil kang toya astuti | marang masjid amaca salawat | adan kèndêl sadayane | bakda adan gya laju | sunat Mahrib dwi rêkangati | anulya kinamadan | ngangkat Mahrib pêrlu | Sèh Among kang dadya imam | radyan makmum sira Nikèn Rancangkapti | nèng pawèstrèn makmuman ||
6. Lan sakèhe para santri èstri | têkèng waktu Ngisa wussing bakda | sampêt puji myang dongane | sang dyah anulya wangsul | nunggil lawan rakanirèki | eca alêlênggahan | nèng srambining tajug | Rancangkapti (n)dangu Buras | kathik mau tan milu salat sirèki | Buras matur manêmbah ||
7. Wussing wulu gya kabêlêt ngising | wussing cewok wulu atop batal | sêmanging tyas cariyose | atop sudaranipun | lawan sarip ning mêdal nginggil | saking pamanah kula | wontên èmpêripun | sabên wadhuk kula sêbah | botên ngêntut mung glègèkên wanti-wanti | si sêbah têka mayar ||
8. Mongbudi mèsêm ngandika aris | bagus Buras glègèk datan dadya | ambatallakên wulune | rahadyan ngandika rum | Buras sira matura kyai | êndi kang dadya ganggam | tanggap majêng matur | dhuh Kyai Sèh saèstunya | ingkang dadya wênang mokale wulèki | lawan ingkang sêmbahyang ||
9. Ulun dèrèng uninga sayêkti | amung ilu-ilu ing ngakathah | kula nyuwun sajatose | Amongbudi lingnya rum | iya kacung luwih utami | rasanan bab agama | wênang mokalipun | tinimbang lan nyatur liyan | kagêm cagak lalênggahan sawatawis | batalle wulu lima ||
10. Ingkang dhingin mêtu marga kalih | nguyuh ngêntut ngising sasaminya | pindho turu nganti suwe | tan têtêp lungguhipun | ping tri ayan mêndêm lan baring | ping catur gêpok janma | kang lèn mukrimipun | rinabèn kêna kèn wênang | kaping lima  (ng)gêpok dakar jubur parji | sunating wulu lima ||
11. Dhingin masuh tangannya kakalih | pindho kêmu ping tri ngumbah karna | kaping catur angingsêp we | dene ping limanipun | ngusap sirah myang githoknèki | pêrlune wulu apan | nênêm prakarèku | ingkang dhingin iku niyat | kapindhone masuh rai kang waradin | ping têlu masuh asta ||
12. Tuwin sikut kanan ingkang dhingin | kaping catur masuh bun-êmbunan | kalima masuh sukune | karo wit saka dhêngkul | ingkang têngên uga kang dhingin | anulya ingkang kiwa | tartib nênêmipun | rut-urut kang wus kawêdhar | ywa tumpang so bataling salat winarni | pan sawêlas prakara ||
13. Ingkang dhingin batal wulunèki | dwi katiban najis kaping tiga | apan kêbuka murate | kaping catur anginum | kaping lima mangan angêmil | kaping nêmme caturan | kaping pitunipun | ngamal ingkang kathah-kathah | nuli-nuli kaping wolunipun nênggih | apan gumuyu suka ||
14. Kaping sanga mungkur keblat nênggih | ping sadasa rukun winuwuhan | lir rukun mindho pamine | kaping sawêlassipun | ngèngêtakên rukukirèki | lir rukuk sadurungnya | ihtidal puniku | mungguh êsahing sêmbahyang | pan wowolu amintir ingkang rumiyin | dwi wruh pêrluning salat ||
15. Katri bisa (m)bedakkên parluning | kaping catur wruh anjinging wêkdal | lima nutupi urate | madhêp keblat nêm ipun | kaping pitu awake suci | ping wolu suci uga | sasandhangannipun | panggonan lawan driyanya | de pêrluning salat wolulas winilis | kang dhingin iku niyat ||
16. Ping dwi Takbiratul-ekram katri | ngadêg catur amaca Patekah | apan rukuk ping limane | tumaninah nêmmipun | kaping pitu ihtidal nênggih | ping wolu tumaninah | ihtidal wussipun | sujud ingkang kaping sanga | ping sadasa tumaninah jro sujudi | ingkang kaping sawêlas ||
17. Lungguh antarane sujud kalih | kaping rolas lungguh tahyat awal | ping triwlas tumaninahe | antaraning dwi sujud | ping patblas lungguh tahyat akhir | ping limalas salawat | ing Jêng Gusti Rasul | ana ing lungguhe tahyat | ingkang akhir kaping nêmbêlasse tartip | urut-urut artinya ||
18. Ping pitulas pan mualat nênggih | jangkêp ping wolulas awèh salam | lah iku wênang mokale | sêmbahyang lawan wulu | Buras matur sangêt kapundhi | ananging dèrèng apal | mêngko dèn mut-emut | kalawan mapan tilêman | wanci lingsir ratri sang dyah nulya guling | nèng wingkinge kang raka ||
19. Buras ngadhag-adhag andrêmimil | ngapalakên prêluning sêmbahyang | tan tutug anulya ngorok | sêsênggoran ngalindur | galègèkên nora (m)batali | sanake ngaping tiga | lan sikaki antut | kêclap-kêclap sasênggoran | radyan mèsêm Ki Among umatur aris | prayogi sasareyan||
20. Inggih paman mangke sawatawis | paman kewala aso ing wisma | Amongbudi wusnya lèngsèr | rahadyan apitêkur | têka wanci ing pajar gidib | sang dyah wungu tatanya | kakang isih lungguh | wangune datan anendra | lagi bae rara (ng)goningsun ngalilir | kakang gugahên Buras ||
21. Wusnya tangi mring balumbang sami | asusuci ngambil toya kadas | Ki Wisma marêk ngarsane | suwawi anggèr waktu | samya Subuh Ki Sèh ngimami | wus bakda pupujiyan | lawan donga Subuh | paragade kang pandonga | ngandika lon radyan mring Sèh Amongbudi | paman ulun aliman ||
22. (n)dumugèkkên lampah mupung enjing | mugi sampun kirang pangaksama | mring kawula sadayane | Sèh Among aturipun | ulun dhèrèkakên basuki | lawan atur lêmêngan | ulam miwah sêkul | sambêl windu kacangcina | kagêm sangu bilih arinta kalantih | rèh tambuh kang sinêdya ||
23. Wedang kahwa salodhong miranti | radyan matur sangêt panrimèngwang | paman Among papasihe | pinaringakên sampun | mring Ki Buras wus dènprantèni | ri wusira samêkta | sasalaman gupuh | rahadyan anulya linggar | lawan ari Buras nèng wingking anyangking | lodhong cacah sakawan ||
24. Ngling wuh têmên gonku (ng)gawa iki | yèn manggunga dak cangking kewala | pasthine bauku theyol | sang dyah nyêlaki gupuh | lah gendhongên bae ya uwis | bêntingmu uculana | lodhong papat sampun | ginendhong marang ki Buras | sakaliyan lêpas dènnira lumaris | saking Bangil mangetan ||
25. Sakalangkung rêkasèng lumaris | tan cinatur laminya nèng marga | uwus angambah sukune | ing Argapura gunung | ngalèr ngetan sumêngkèng ardi | kathah kang sato wana | samya tutut-tutut | manjangan kidang andaka | anèng marga sêmu wêlas aningali | marang kang andon lampah ||
26. Mêrak ngigêl kadya têdah margi | satawana lumampah nèng ngarsa | bayak kalawan kuthuke | sang dyah karenan (n)dulu | dadya supe lungkrahing dhiri | kasêngsêm dènnya mulat | asrining kang taru | myang kathahing satowana | miwah paksi sung swara kalanya ratri | lèrèh nèng padhusunan ||
27. Dupi prapta lambunging kang ardi | saking mandrawa asri kawuryan | Jèngsari lon andikane | rara lamun panuju | kampir dhukuh ingkang kaèksi | anglêrêpkên sarira | lawan yèn kapranggul | kakangmas manawa ana | tan anane ngupaya patakon maring | janma kang wus utama ||
28. Kakang iya kalangkung prayogi | kawarnaa wiku Argapura | Sèh Wahadad paparabe | tan samar ing pandulu | lamun ana putra lan putri | ayun sumêngkèng arga | cinipta wus rawuh | anèng ngarsane sang tapa | dhuh bageya Jayèngsari Rancangkapti | ana ing ngarsaningwang ||
29. Jayèngsari Nikèn Rancangkapti | kagyat ing tyas dene sang pandhita | wus uning mring sarirane | mangênjali umatur | kang timbalan sang maha yogi | langkung kalingga murda | Sèh Wahdat lingnya rum | aywa eraming wardaya | satuhune ingsun apan andarbèni | kabèh kuwasaning Hyang ||
30. Paranbaya karsanira kaki | dene lawan arinta wanudya | têka kasasar marene | apa kang sira ruruh | radyan nêmbah turira aris | sèstu tan kasamaran | maring badanulun | sang tapa mèsêm lingira | têka bênêr aturira marang mami | lamun tan mangkonoa ||
31. Nora parlu mahas ing asêpi | sira kulup lawan sira rara | padha rêrêpa ing kene | lamun wus wêktunipun | alinggara saka ing ngriki | sarèhning tanpa rowang | nggoningsun susuguh | manut klêthêking driyanta | parmaning Hyang manawa banjur nganani | nyatane kamurahan||
32. Radyan lawan ari sru kapengin | bukti sêkul pulên panggang pudhak | jangan mênir pêcêl dhere | dhèndhèng manjangan gêpuk | lalap sladri cambah kêmangi | dhaharan carabikang | koci mêndut timus | Buras (ng)gagas sêkul gaga | blênyik putih pêcêl iso myang sêmanggi | dhèndhèng pêndhul maesa ||
33. Sang awiku angandika kaki | lan arinta maranga ing wisma | dhahara apa anane | Buras mengo (n)drêkukul | ngunandika ya talah kyai | têgêl-têgêle tawa | dene sêpi samun | tan ana banèke janma | (n)dadak tawa sing dipangan apa angin | Sèh Wahdat mèsêm lingnya ||
34. Buras age maranga ing panti | tilikana lamun wus samêkta | matura (n)daramu radèn | ki Buras nêmbah mundur | dupi mlêbêt sajroning panti | sêkul ulam dhaharan | gumêlar pinatut | wadhahe myang dènnya nata | tambah ngungun dene (ng)gonira kapengin | abukti sêkul gaga||
35. Saklêthêking nala amêpêki | sru gêgêtun dènnya mengo ngiwa | sakala langkung ajrihe | cangkêlak nulya wangsul | makidhupuh matur sang pêkik | bêndara kang timbalan | sang adi pukulun | paduka kinèn adhahar | wontên panti punika sampun miranti | kawula ingkang nata||
36. Kulup rara dhahara kêriyin | Buras bae kang angladènnana | katiganya sampun lèngsèr | praptèng wisma sru ngungun | mangunahe janma linuwih | Ki Buras latah-latah | kula sangêt ngungun | wontênipun sêkul gaga | blênyik dhèndhèng pêcêl iso myang sêmanggi | punika gagas kula ||
37. Langkung nikmat munpangating bukti | linorodkên mring Buras sadaya | cèplês tan ana turahe | marêm sadayanipun | samya wangsul marêg sang yogi | nahan salaminira | nèng Argapurèku | mung raos nikmat munpangat | mênênging tyas madhêp èngêt ing Hyang Widdhi | dadya brangta ing Suksma||

73. Asmaradana
1. Jayèngsari Rancangkapti | tan mantra lamun dhatêngan | wus kadya putrane dhewe | Sèh Wahdat ngandika mring dyah | èh rara putraningwang | dèn wêruh maring Hyang Agung | iku wajibing kawula ||
2. Wruhana Dating Hyang Widdhi | Sipate miwah Asmanya | apa dene Apêngale | ananing Hyang iku Êsa | tan ana kang akarya | tan warna rupa dinulu | lan Êsa Apngaling Suksma ||
3. Nganakakên bumi langit | sabda Kun sampun gumêlar | saisining jagad kabèh | ni rara matur ing rama | ing pundi (ng)gèn uninga | kang manah dèrèng dumunung | pae ananing kawula ||
4. Amba sampun ngudanèni | mênggah Dat Sipating Allah | Asma lawan Apêngale | ing pundi margane wikan | suka sang maha tapa | myarsa ature kang sunu | aris wijiling wacana ||
5. Iya wajibing ngaurip | yèn wis wayahe diwasa | ngawruhana ing Hyang Manon | wajibe lawan kang mokal | miwah jaise pisan | iya asipat rong puluh | margane sira waspada ||
6. Sipat wujud ingkang dhingin | têgêse wujuda iya | pasthi kalamun anane | ya kaananing Pangeran | iku sipat Napsiyah | mung sawiji aran wujud | kapindhone sipat Kidam ||
7. Maknane Kidamma dhingin | [...Kirang satunggal gatra: 8a...] | tan ana (n)dhingini manèh | dhingin lan kawitan ora | sadurunge dumadya | bumi langit awang-uwung | Loh Kalam pan durung ana ||
8. Atanapi Ngaras-kursi | Allah Tangala wus ana | iku Kidam kang jatine | arane sipat Salbiyah | wilangane lilima | Baka langgêng têgêsipun | ananing Hyang tanpa wêkas ||
9. Sasirnaning bumi langit | kaanane Hyang tan owah | ya Salbiyah ping têlune | iya sipat Mukalapah | lil kawadis têgêsnya | ananing Hyang Maha Luhur | prabeda lawan kang anyar ||
10. Anane anyar kinardi   |  saking ora dadi ana  |  kalamun rinusak kabèh  |  padha mulih marang ora  | sarupane kang anyar | sejene lawan Hyang Agung | anane tanpa wêkasan ||
11. Wal kiyamu binapsihi | têgêse anane Allah | jumênêng Anane dhewe | tanpa padha ingkang anyar | ana lawan kinarya | Salbiyah ping limanipun | aran sipat Wahdaniyat ||
12. Maknane Wahdaniyati  |  Dating Allah iku Êsa | Sipat miwah Apêngale | ing Pangeran iku Êsa | têgêse Dating Êsa | pan ora sungsun Hyang Agung | dening Êsa-ning Apêngal ||
13. (n)Dadèkakên bumi langit | lawan saisine pisan | karyane ora kapindho | mokal lamun kapindhoa | anane tanpa arah | tan ênggon ngisor myang (n)dhuwur | nora kacakra ing driya ||
14. Wus ganêp lilima uni | kang aran sipat Salbiyah | kanêm lawan Napsiyahe | ana maning sipating Hyang | sipat Mangani rannya | wiwilangane pipitu | ingkang dhingin sipat Kodrat||
15. Iya Kodrating Hyang Widdhi | têgêse Kodrat kuwasa | nganakakên ing orane | angorakakên kang ana | dene sipat Iradat | têgêse karsa Hyang Agung | anganakakên kang anyar ||
16. Sakèhing titah pinasthi | gêdhe cilik ciyut amba | saking Iradating Manon | ana maning sipating Hyang | ngèlmu wastaning sipat | ngawikani makna ngèlmu | wêruh datan kasamaran ||
17. Pira-pira aling-aling | tan samar osiking titah | Allah ngawikani kabèh | lawan malih sipat Kayat | maknane iku gêsang | iya uriping Hyang Agung | urip tan kalawan nyawa ||
18. Sarupane kang dumadi | uripe sarta lan nyawa | padha kêna pati kabèh | Allah tan kêna ing pêjah | dene ta sipat Samak | amiyarsa têgêsipun | pamiyarsaning Pangeran ||
19. Tan samar myarsa ing dhiri | tan awarana miyarsa | sipat Basar ing maknane | Allah ningali sa-alam | ora kalawan netra | tan samar saisinipun | iku Basaring Pangeran ||
20. Yaiku sipat Mangani | ganêpe pipitu alam | sipat Kalam ing têgêse | Allah Tangala ngandika | datan sarana lathi | ganêpe sipat rongpuluh | sipat Maknawiyah rannya ||
21. Padha lan sipat Mangani | pipitu têtêp-têtêpan | sipat Kadiran dhingine | Muridan katri Ngalimun | kacatur sipat Kayat | Samingan ping gangsalipun | kanêm kang sipat Basiran ||
22. Mutakaliman (n)jangkêpi | jangkêpira kalihdasa | amung sipat Kayat kuwe | tan ana kang tinaklukan | tanapi dadi sabab | sarupane sipat iku | kasaratan sipat Kayat ||
23. Kayun têgêse kang urip | iku sipat Maknawiyah | dadi rongpuluh gênêpe | sipat ingkang padha kocap | kabèh wujuding Allah | iya kang sipat rong puluh | nini sira kawruhana ||
24. Lawan kawruhana maning  |  liding sipat kalihdasa  |  liding Kula lawanane | wajibe kalawan mokal  | dening ananing Allah  | Maha Suci wastanipun | ing Ajal lawan ing Abad ||
25. Liding sipat kalihdesi | yaiku mokaling Allah | ngadamuhdat iku rêke | kabêkta na ngadam mokal | padha lawan kang anyar | tandhane Allah kang Agung | iya gêlare kang jagad ||
26. Liding kang sipat Mangani | têtela ing Maknawiyah | dèn awas tasbèh tanjihe | sakèhe sipat kang kocap | tan êsah tekadira | taklid jênênge puniku | pangawruhirèng Pangeran ||
27. Têgêse kang basa taklid | atitiron ujaring lyan | nora micorèng dhèwèke | anunular ing pawarta | tekade ora êsah | taklid pasis jênêngipun | rusak ingkang panarima ||
28. Dèn nastiti sira nini | aja ngambah Kadariyah | tanapi Jabariyahe | dadalan ngroro pan samar | angapit kalihira | mring dadalan Suni iku | wajib padha singkirana ||
29. Wong Kadariyah yèn angling | ananingsun iki Tuwan | dinadèkên ing Hyang Manon | miwah panguwasaningwang | sasolah bawaningwang | tanpa darbe pangwasèku | anging Pangeran kang molah  ||
30. Lamun angucap wong Suni | ananingsun iki Tuwan | andadèkên marang ingong | miwah pangawasaningwang | tanapi kuwatingwang | pinarêngakên puniku | kalawan karsaning Allah ||
31. Rama dados ingkang manjing | dhumatêng sipat Napsiyah | namung satunggal wujude | kang manjing sipat Salbiyah | punika ingkang gangsal | pan sipat Kidam puniku | kalihipun sipat Baka ||
32. Katri Mukalawatu lil  | -kawadis ka-catur wal  |  -kiyamu bi napsiyane  |  Wahdaniyat jangkêp gangsal  |  ingkang umanjing sipat | Mangani apan pipitu | Kodrat kalawan Iradat ||
33. Tri Ngèlmu catur Kayati | Samak Basar lawan Kalam | punapi makatên rêke | kang manjing ing Maknawiyah | ugi sami kasapta | sipat Kadiran dwinipun | Muridan katri Ngaliman ||
34. Sipat Kayun caturnèki | gangsalnya sipat Samingan | sipat Basiran nênême | Mutakaliman saptanya | sang wiku suka rêna | wasana ngandika arum | iya uwus bênêr rara ||
35. Sawise winêjang ngèlmi | ing rama sang ayu kesah | amêng-amêng pakaryane | ingugung dinama-dama | atmajèstri sajuga | mangkana rêtnaning ayu | ngandika malih ing rama ||
36. Marêk Nikèn Rancangkapti | ing rama sarwi wotsêkar | têka baut lêlewane | alênggah ngarsaning rama | maharsi Argapura | pangandikanira arum | gusti putrane pun bapa ||
37. Sira lunga marang êndi  |  têlung dina lunga têka  |  kalawan sira maninge  |  sabên dina olèh kêmbang  | argulo sumarsana  |  lawan sêkar tunjung tutur  |  jêlamprang naga puspita ||
38. Sang dyah nêmbah matur aris | kula kêkaring mring wana | pupunthuk guwa tlagane | sukaning tyas myat kusuma | ganda arum angambar | wontên ingkang taksih kudhup | ngajêngakên (m)babar ganda ||
39. Cinarita sang apêkik | siang dalu tansah ngarsa | dhahar nendra ngantya supe | sang wiku rêsêping nala | wus tumplêg ngèlmunira | mêpêg birai sang bagus | maring Pangeran Kang Nyata ||
40. Jèngsari myang Rancangkapti | makidhupuh ngarsèng rama | katon mawêlu netyane | lir sasangka karainan | sang wiku duk umawas | sêmune kang makidhupuh | arum wijiling wacana ||
41. Babo sutaningsun kalih | ing wanci enjing mangkata | marang arga Rawun ranne | wusse sawatara dina | ana ing Rawun arga | banjura mring Banyuarum | têmbe katêmu nangkoda ||
42. Saka Pakalongan nagri | kalamun sira binêkta | têka anuruta bae | yèn wus têka Pakalongan | ajalnya ki nangkoda | sabarang tilarannipun | banjur sira sidhêkahna ||
43. Mring pêkir miskin nak yatin | ngèngèhêna sawatara | kangge sangu sacukupe | maranga Parahu arga | (n)jujuga arga Bisma | kono ana krajan agung | arane ing Sokayasa ||
44. Kyagêng Sokayasa kaki | wus sinêbut Waliyollah | sidik têrus paningale | jujuluk Sèh Akhadiyat | darbe atmaja juga | jalu warnanya abagus | blancèr kadya Narayana ||
45. Ki Mas Cêbolang kakasih | samêngko lagi lalana | calon linuhung yêktine | lagya anglakoni rucah | lamun wus tinarbuka | pinaring èngêt Hyang Agung | Cêbolang mulih priyangga ||
46. Sira suwitaa kaki | kalawan rinta si rara | gugunên pangandikane | waktu iku wus andungkap | kapanggih lan kakangta | yèn sira wus adudunung | nèng Wanataka panggihnya ||
47. Kulup iki uwus wanci | sakarone umangkata | sundongakkên sira anggèr | salamêt ing sangkan paran | manggiha suka-wirya | sakaliyan matur nuwun | nêmbah lèngsèr saking ngarsa ||

74. Maskumambang
1. Sanalika lir mas tumimbul ing warih | lêpas lampahira | tan ana sangsayèng margi | nir lapa arip myang sayah ||
2. Tyasnya karo kandêl kumandêl ing Widdhi | was uwas tan ana | tan lyan pasrah ing Hyang Widdhi | solahe raga lir sarah ||
3. Anèng laut anut ombaking jaladri | dadya tan rumangsa | lamun kwasanya pribadi | kabèh kuwasaning Allah ||
4. Myang winantu ing saba risang linêwih | gancanging kang lampah | wus prapta ing Rawun wukir | kèndêl têpining talaga ||
5. Kacaryan (m)bêk anon wêninging kang warih | samodra Supitan | ing Bali cêtha kaèksi | jong layar akêthap-kêthap ||
6. Krajan dhusun padhukuhan lawan sabin | têgal pakêbonnan | pasêtrèn têpining kali | tinon saking têpi tlaga ||
7. Apapanthan corah-corah katon gasik | myang turunning toya | sudhètan saking têlagi | lir sarpa sotya lumarap ||
8. Praptèng ngare dadya lèpèn gung medahi | sabin patêgalan | tan ana kurangan warih | mila sakèhe tanêman ||
9. Subur-subur ron ijo wênês dumêling | sêkar samya mêkar | wowohan wohe ngêmohi | mawèh sêngsêm tiningalan ||
10. Sapucaking arga Rawun pan kaèksi | ingkang padhêkahan | kinubêng ing taru asri | capaka pêthak candhana ||
11. Marga mubêng kadya sarpa mulêt ing wit | satêpining marga | kanan kering dèntanêmi | sasêkaran warna-warna ||
12. Sajawining sasêkaran kalèn alit | binatur ing sela | cêmêng pêthak miwah abrit | amalipir anut marga||
13. Awurahan paksi salindhitan ori | bèthèt atat kêmbang | rang-urangan mancawarni | drêkuku dêruk sêpahan ||
14. Menco jalak pênyu urèn klawu putih | prêkutut nèng êpang | anduduk layu dumêling | manyura ngigêl kirab lar ||
15. Rancangkapti matur raka sang apêkik | kakang kang kawuryan | pucaking prawata iki | wangune kaya dhukuhan ||
16. Baya iki margane munggah mring nginggil | kang (ng)gubêt ing arga | têngah arata tur gasik | kinamadha sasêkaran ||
17. Kalèn alit binatur sela warna tri | tirtanira maya | payo kakang diunggahi | mênèk ana kang dhadhêkah ||
18. Sakalihe wus manjat anggraning wukir | Buras anèng wuntat | rêngêng-rêngêng sukèng ati | katandha lêjaring driya ||
19. Dupi prapta ing pucak kèndêl jawining | pagêr sêsêkaran | argulo bang jêne putih | ijo dadu kapuranta ||
20. Sinalisir katang putih sêkar wilis | sajawining dhadhah | pinagêran sela langking | gapuranira maju pat ||
21. Palataran winêdhi malela langking | tinêpi ubêngnya | sela lintang sakêmiri | gêng rampak tinata wrata ||
22. Balekambang anèng têngah wangun candhi | marginya maju pat | têrus ing gapuranèki | narênthêng marga sukêtan ||
23. Wot panjalin ingênam limarkatangi | pinggirnya lajuran | pucuk tumancêp ing siti | ron samya trubus ngrêmbaka ||
24. Kang ingambah mancèrèt tan ana sêmi | amung kering kanan | saasta kang samya sêmi | inggil sadhadha watara ||
25. Umbul ingkang ngidêri saengga candhi | ingingonan mina | guramèh myang tambra abrit| bayak kadya langên taya ||
26. Kawarnaa kang dhêdhepok têngah bèji | wanita wus randha | mancênning rêsik gumrining | cahya anuksmèng sasangka ||
27. Rara Sukci wahdat datan mawi krami | oliya wanita | kyattingrat dyah Tan Timbangsih | duk uning ana dhatêngan ||
28. Miyos saking yasakambang ngore wèni | sinjang lêlêmêsan | sumêkan gadhung malathi | rimong sutra dhasar jênar ||
29. Ngawe-awe pangandikanira manis | babo putraningwang | ywa kadangon anèng (n)jawi | banjura mlêbu kewala ||
30. Kang sinung ling kagyat gya lumêbêt aglis | praptaning ngayunan | ngraup pada ganti-ganti | riwussira ngraup pada ||
31. Rancangkapti kinanthi sang maha yogi | radèn anèng wuntat | kalawan Ki Buras santri | wus umanjing padhepokan ||
32. Nistha wolu sakawan gêdhongirèki | jrambah ginêlaran | prangwadani catur warni | satêngahing kang jarambah ||
33. Palênggahan sela candhani ingukir | lung-lungan sêkaran | ngandhap angrong pindha kursi | bundêr pinara sakawan ||
34. Angajêngkên gapura kang maring (n)jawi | singgêtan sakawan | ingukir angukêl pakis | sèndhènan lêgok lus gilap ||
35. Trus ing nginggil dadya langitan cinawi | ron myang sasêkaran | nèng anjang-anjang angrêmit | ing pucak dhandhang kirab lar ||

75. Dhandhanggula
1. Jroning panti catur gêdhongnèki | kang lèr wetan sela bang kinarya | sarwa abang rêrênggane | lèr kilèn sela pingul | sarwi pêthak rarêngganèki | kidul kilèn kang sela | jênar dhasaripun | rarênggannya sarwa jênar | kidul wetan sela itêm kang kinardi | rarênggan sarwa krêsna ||
2. Gêdhong catur candhelanya tunggil | satêngahing wiwara maju pat | pan samya ngalih lawange | mring jarambah kang ngayun | sajuganya samya nêngkêri | ingukir rêrêmitan | sêsêkaran êlung | pipi lawang kering kanan | dhapur naga mulêt wit angrangsang pêksi | ingkang andon woh-wohan ||
3. Datan uwus rarêngganing tulis | wawarnane ingkang padhepokan | wiku Sukci asramane | radyan myang arinipun | tiga Buras tan ana angling | sru eram ing wardaya | gèdhèg-gèdhèg (n)jêtung | Rara Sukci wus alênggah | majêng ngetan nèng tengah jarambah asri | katiga munggwèng jrambah ||
4. Tan Timbangsih manis wiyosing ling | kulup rara ingsun nilakrama | kasih para sakarone | lan ngêndi pinangkamu | prapta kene apa kinapti | asamun sêpi sêpa | tur wêrit kalangkung | ing marga akèh babaya | tur apringga kang kaambah parangcuri | sapa kang tuduh sira ||
5. Radyan matur saha mangênjali | dhuh pukulun kakasihing Suksma | amba matur sayêktine| Jayèngsari ran-ulun | ari èstri pun Rancangkapti | rencang nama pun Buras | saking Surèngkewuh | praja ing Giri kadhatyan | angulati kadang sêpuh ingkang anis | Jayèngrêsmi paparab ||
6. Pan kalunta praptèng Argapuri | kapanggih Sèh Wahadat punika | kang sung têdah mring dasihe | sabdane sang linuhung | têka gampil praptèng ngong ngriki | wiku rara ngandika | Sèh Wahdad puniku | satuhune kadangingwang | yakul-mukmin ing pangawruh wus anunggil| Rara Sukci Sèh Wahdad ||
7. Kulup rara panganggêp dènsami | di kaya duk anèng Argapura | dupi miyarsa rahadèn | mahyakkên sru panuwun | kang timbalan sang maha èstri | mangkana cinarita | sabên arinipun | ing tyas manggung suka rêna | sajuga ri wikwèstri pinarak munggwing | têpining yasakambang ||
8. Angsung boga gramèh tambra abrit | Jayèngsari lawan Rancangkaptya | makidhupuh nèng ngarsane | wikurara lingnya rum | kulup rara dakcaritani | margane raganingwang | mahas ing asamun | tan atolèh kadang-warga | sakawite ingsun amaca kintèki | ran Kadis Markus Baslam ||
9. (ng)Gonku maca nganti wola-wali | ingsun rasa-rasa surasanya | dadya anandhang wirage | yayah kusumaning rum | wus diwasa baratèng krami | pungkasing panggraita | tan lyan ing asamun | rahadyan umatur nêmbah | kadiparan cariyosipun kang Kadis | têka karya wigêna ||
10. Rancangkapti matur mangênjali | bok inggiha kaparêng ing driya | amêdharkên cariyose | sadaya kang kasêbut | wontên Kadis sang wiku putri | mèsêm sarya ngandika | rara panjalukmu | caritane Markum Baslam | dak wiwiti saka bubukaning tulis | iki piyarsakêna ||
11. Hadha bayanul bihainati | ya ayu halladina amana | waman sikhan waman bae | kayat luamanahu | wabil umaratu khayati | waman supiya tukha | waina kayatu | wawimutmaina tukha | sapinati khamil saratu albahri | kharijul pilbansukha ||
12. Nênggih wontên carita winarni | lapal saking Kadis Markum Baslam | lêlêpiyan supayane| dadya pangemut-emut | wruhing tandha têpa palupi | nêpsu kang ginupita | Luamah rippipun | urippe nêpsu Amarah | lan urippe nêpsu Supiyah puniki | lan nêpsu Mutmainah ||
13. Raja Mutmainah kang winarni | ajujuluk sang Prabu Dyatmika | Suksma Mulya paparabe| pan kandhane ing wahyu | nagarane Lali-muslimin | tan abala sajuga | sêktine kalangkung | kawasa misesa ing rat | nora ana ingkang padha anglawani | sajagad mati atab ||
14. Amung cipta bae balanèki | sakêdhap bala tanpa wilangan | Sang Mutmainah kwasane | lamun tan darbe kayun | nora duwe bala sawiji | angijaban idayat | mangkana cinatur | gantya ingkang kawuwussa | ana ratu têtêlu prakosa luwih | samya arda prakosa ||
15. Bisikannira sri narapati | ajujuluk Mahraja Luamah | Raja Amarah arine  | dene wuragilipun | sang Raja Supiyah pawèstri | prawira mandraguna | lêmbut karya luput | samya bala tan petungan  | sadhukut saking tri sagrêmêtting bumi  |  sawêdhining sagara ||
16. Sang raja katri miyos tinangkil | mêdal sadaya bala durbala | ting prêngangah ngame-ame| angame mamah-mumuh | Kyana Patih Mangkubilai | Tumênggung Kamandaka | myang Arya Pangridhu | Panji Wirajail seba | Rangga Wirakêmat Rangga Waningisin | lan Rangga Tisnacidra ||
17. Angabèi Surawirang nangkil | Angabèi Kiyanat aseba | lan Ngabèi Plenya-plenye | Ngabèi Têbêl-ngêpluk | lan Ngabèi Rucibêsiwit | Ki Dêmang Doyanmangan | Dêmang Siptaturu | lan Kyai Dêmang Antukan | lan Ki Dêmang Trocoh Dêmang Srêgêp-ngisin | Ki Lurah Dhososugal ||
18. Lurah Ras-arasên-ngêbluk nangkil | lan Lurah Tan-graita aseba | lan Kyai Lurah Kalalèn | sadaya anèng ngayun | pêpak andhêr samya anangkil | ngandika Sri Narendra | Raja Luamahu | mring ari Raja Amarah | miwah marang jêjênggul para bupati | kêpriye karêpira ||
19. Ing pratingkah dera mangunjurit | angrusak mring Raja Mutmainah | binêrat pinrih sirnane | aja na kang kadulu | nora nana dadya nyampahi | ing kaprawiraningwang | kang rayi umatur | yèn sêmbada karsa nata | linurugan lajênga ginêpuk wani | kajênge tumpês pisan ||
20. Sampun rêmbag sadaya kang pikir | sampun rêmbag Sang Raja Luamah | yèn wus mangkono rêmbuge | nuli linakon gupuh | aja kongsi klayatan budi | adhi Raja Amarah | iya sabalamu | miwah arinira pisan | ya si adhi Raja Supiyah ywa kari | angkatna balanira ||
21. Nulya sang Raja Amarah angling | mring patihira Angkaramurka | kinèn budhal sabalane| mijil sing nagrinipun | astanane ana ing ati | ati puat (ng)gonira | ing sajatinipun | puat punika lilimpa | pangwasane panastèn sabarangkardi | budine Sang Amarah ||
22. Ni Raja Supiyah angundhangi | mring patihe ni bok Jajawatan | lan ni Tumênggung Nyalèrèng | nyi Arya Guyu-guyu | lawan nyai Kinincangalis | nyai Rangga Èsêman | nyai Adusêmu | kalawan nyai Parikan | nyai (n)Dhèpèl nyai Wèwèh-wangi-wangi | nyai Grêgêtên-nekat ||
23. Mijil saking ing manah maknawi | iku pupusuh sajatinira | ana dene pangwasane | penginan barang kayun | ayun ngayang sruning kapengin | nulya Raja Luamah | angundhangi gupuh | mring Patih Mêngkucilaka | sabalane tumênggung arya ngabèi | kumêrap bala kuswa||
24. Nênggih mêdal saking ati siri | siri punika sajatinira | ing jajantung sayaktine | dene pangwasanipun | marang karêp karêp abukti | sabarang kang pinangan | sruning parikudu | lalenan sabarangkarya | rupanira Luamahi sang cahyèki | dene nêpsu Amarah ||
25. Cahyanira abang anglangkungi | dene nêpsu Supiyah cahyanya | nênggih akuning rupane| nêpsu katri punika | angrêgêdi cipta kang êning | mênggah êning punika | nêpsu kang rahayu| iya nêpsu Mutmainah | astanane anèng ati sanubari | iku ati sampurna ||
26. Cahyanira putih anêlahi | pangwasanira sabar narima | tuma-ninah rèrèh sarèh | tawêkal iman ayu | punika kang arsa jinodhi | mring sang Prabu Luamah | myang sawadyanipun | gumuruh ngèbêki jagad | mara têlu ing marga lampahe baris | ri sang Raja Luamah ||
27. Mêdal saking ing tutuk anggili | pênuh gumrah asru swaranira | Raja Amarah gurunge | ing talingan ambrubul | ting sarêbêt sêsêg kang baris | (m)barabas sasrêmpêngan | jampêng tanpa ngrungu | dene ni Raja Supiyah | mêdal saking ing netra anduduk andik | andadak kêdakira ||
28. Gya prapta ing ati sanubari | sigra kinêpung binaya mangap | binathithit sampêt kabèh | kang dadi agul-agul | para patih katiga èstri | prakosa mandraguna | ampuh ing prang pupuh | tate angrusak agama | apan bisa angrêmêt pênggawe bêcik | mudharakên ing tapa ||
29. Anglalèkkên panggawean bêcik | mulane akèh wong kênèng ala | têka ing tingkahe dhewe | sababe dene nêpsu | dadi jalaranning bilai | rosaning kang Luamah | lan Amarah nêpsu | Supiyah digdayanira | sabên dina mumurung panggawe bêcik | aja na kaslamêtan ||
30. Wus tinata (ng)gonne rêbut titih | sang Raja Mutmainah atampa | ningali mungsuh praptane | anggoragodha punggung | nulya nyipta bala gung prapti | pra bupati punggawa | andhêr ngarsanipun | pinacak satundha-tundha | kyana Patih Sabar-maklum anèng ngarsi | Tumênggung Tumaninah ||
31. Arya Prasaja Arya Bèrbudi | Ngabèi Mantêp-têmêningkarsa | Ngabèi Liladanane | Rangga Eklas nèng ngayun | Rangga Tawêkal myang Dêmang Sidik | lan Dêmang Musawarat | lan Dêmang Tapakur | pêpak sadaya nèng ngarsa | ngandika Sang Raja Mutmainah singgih | mring wadyabalanira ||
32. Èh ta priye karêpira iki | ana mungsuh datanpa wilangan | angrusak ing manah salèh | Ki Patih Sabar-maklum | matur inggih lamun suwawi | saajangane ajang | prayogi pinagut | ing pupuh linawan ing prang | angandika sang Prabu iya dèn bêcik | aprang lawan wong kopar ||
33. Nulya mangkat barissira ririh | saking ati sanubari ika | mêdal ing grana lurunge | aputih cahyanipun | sampun prapta cundhuk kang baris | samya ayun-ayunan | sampun ing prang pupuh | mumungsuhan tatandhingan | kang bupati sami bupati ajurit | prang bala sami bala ||
34. Mangku-blai lan Rahayu-budi | Angkaramurka lan Tumaninah | Siptaturu lan Bêtah-mlèk| rame pupuh pinupuh | Doyan mangan lan Bêtah-ngêlih | pun Jail lan Prasaja | pan pêluk-pinêluk | Ki Srèi mungsuhan Sabar | ki Jubriakibir lan ki Sarèhjurit | rame abandhayuda ||
35. Gênti titih-tinitih ing jurit | udrêg-udrêgan sadina-dina | tan ana kasor karone | Raja Luamah (n)dulu | mring balane dènnya ajurit | juritte tanpa wêkas | tanana sor unggul | sigra sang Raja Luamah | angundhangi bala babantuning jurit | wadya prajurit buta ||
36. Pirang-pirang buta tanpa wilis | panggêdhene pun Drêmbadursila | pun Gugur-tingkah sawênèh | myang pun Bêrung-brêgudung | pun Dêksura pun Tobatngêlih | pun Bingung anêmpuh byat | pun Gêragas-nguthuh | pun Kalana Gas-êgasan | pun Bêsono lan pun Dhêngglêng-oraeling | pun Ngluka ngawut wuta ||
37. Sigra kinèn tumandang ing jurit | Raja Luamah parentahira | binyukan kèh wong sijine | krubutên loro têlu | krubutên pat dimèn glis mati | kabèh nuli sirnaa | aja na kang munggut | si binatang Kaslamêtan | nora patut gawene angrusak kibir | amumurung cilaka ||
38. Wus dènaglis pêpêssên ing jurit | sigra tumandang nêpsu rêksasa | ambêg sru krura tandange | ngrubut nêm pitu wolu | mêmêt sampêt pêpêt ngèbêki | bangkak angangkak-angkak | kang jagad macucu | ciyut kacakot ing buta | dadya pêcat bala kasucian tapis | apês tumpês sadaya ||
39. Bala ing kasucian binukti | minangka dadya panganning buta | sêgêr sumyah lêga tyase | atuwuk manggut-manggut | nora nana bala kaèksi | mung kantun ratunira | kang maksih ngunguwung | risang Raja Mutmainah | duk tumingal tumpêsse balanirèki | asabil kamalira ||

76. Sinom
1. Wontên kaoling ngulama | muktamat para musanip | wêwinih nêpsu punika | iya ingaranan budi | budi ingkang dumadi | martabat akatdiyattu | nèng gaibul uwiyah | latakyun ing nukat gaib | budi iku minangka warananing Hyang ||
2. Karana iku wus nyata | Wujutolah Datolahi | ing roro-roroning tunggal | manungsa kalawan budi | budi kalamolahi | manungsa angga arasul | singa ingkang ngarannan | ya manungsa iya budi | nora pae kawasa misesèng titah ||
3. Rêbut (n)jêro rêbut (n)jaba | manungsa kalawan budi | lir êmas lawan têmbaga | campur kinothok ing kowi | sirna jênênge kalih | dadya suwasa rannipun | karana iku padha | manungsa kalawan budi | budi iku wujude napsu sakawan ||
4. Napsu sakawan punika | wujuding manungsa yêkti | paesan pamawassira | manungsa marang ing budi | yèn luput anglimputi | budi ing luamah iku | wus tan kêna tinambak | ambêk durbala ngêbêki | puguh nora arêmpit dursila dadya ||
5. Yèn tajêm pamawassira | kêna utamaning budi | budi anglimputti marang | ing mutmainahirèki | nênggih parêk ing Widdhi | awidada manggih ayu | ayu badan tan kêna | iya alaming Hyang Widdhi | samonoa ing ngèlmu durung pasaja ||
6. Milane tansah rinêngga | murih moncèra kang warti | ing iman kang wus istijab | ing gunêm piningit-pingit | kurmat paedah taklim | ing ngèlmu supayanipun | lêpas ing panggraita | undhaking budi kang dadi | tansah mukawahdat takabul mumulang ||
7. Ing kaol walahualam | mangsuli carita malih | risang Raja Mutmainah | sasirnane balanèki| pratignya pasanggiri | yèn manungsa kudu ayu | muga kinuwatêna | nadhahi mungsuh salangit | yèn manungsa kudu ginawe cilaka ||
8. Tan wandea kalah aprang | tan kawawa nêmbadani | kang pinasthi kudu swarga | manungsa tajêm ing budi | kang angsal rahmat jati | pasthi kuwawa amungsuh | tan etang lara pêjah | wong mati mumpung ngaurip | nora kêna wus pinasthi duk samana ||
9. Gusti gawe untung ala | tinimbang lan untung bêcik | kang pundi pamilihira | ewasamana wus pasthi | ingkang mênang ing jurit | lan kang asor ing prang pupuh | iku kagunganning Hyang | ganjaraning manungsèki | darma bae mangsa bodhoa manungsa ||
10. Ya ta wau tinarima | dongane maring Hyang Widdhi | kuwata sira ayuda | aja sira wêdi mati | rosaa sira jurit | têtêp sira dadi ratu | ratuning Raja Imam | kuwat sajatining jurit | Raja Mutmainah aglis magut yuda ||
11. Angrasuk busana mulya | rasukan Utamèng-ngèlmi | dhêsthare Sarak-sarengat | paningsêt Ênênging puji | dhuwung Sêmpana-sidik | awaos Takbir-ikramu | anyamping Pracayèngrat | lancingan Tapakur kapti | atarumpah Andoning-cêrmin paesan ||
12. Anitih turangga napas | anpas tan-napas nupusse | camêthine Tingal tunggal | kuda ran pun Eling-eling | kêndhali Iman-tokid | rukun Islam apussipun | larappipun Makripat | kakapa Kakekat-jati | ambênipun têtêp Pikukuhing iman ||
13. Sang Sri Raja Mutmainah | angamuk lawan camêthi | asusumbar adipaka | mangsut cêngêng tan kuwatir | amungsuh pirang kêthi | winatangi tan na mundur | binyukan pirang yuta | tan na tolèh lara pati | pirang bara ing têmbe nêmu kamulyan ||
14. Patitis panggitikira | ing Camêthinira pasthi | balane Raja Luamah | mati sirna cinamêthi | Patih Mangkubilai | Ujubriya-kibir lampus | Syumungah lan Kiyanat | Sungkan Doyan-jail mati | mundur sila pun Bêrung-(m)brêgundung pêjah ||
15. Sadaya syuh sirna gêmpang | tan ana kari sawiji | anglela Raja Luamah | sasirnane balanèki | ngling marang ari kalih | lah kapriye digdayamu | matur Raja Amarah | Raja Supiyah tanapi | yèn suwawi ing prang kinarubut tiga ||
16. Wus rêmbug ponang bicara | dandan siyaga ing jurit | arasukan Kamandaka | dhêstharira Karam-najis | paningsêt Ora-eling | anyamping Maido-kukum | lancingan Sia-sia | atarumpah tanpa ngèlmi | waos Dorawêca dhuwunge Jarumman ||
17. Sarwi anitih turangga | kuda ulês gêsêng-ati | arannipun Paracidra | kêndhali Êmoh-ing-bêcik | apus Paksalumuwih | apus gulu ngabul-abul | apus buntute Mursal | akêkapa Tinggalbêkti | sanggawêdhi Drêngki-ambêg-salah-tampa ||
18. Camêthine Doyan-ujar | larap Kumingsun sumugih | tindakira salèwèngan | susumbar lali ing Widdhi | mara sarwi nudingi | sarta ngêbuk wêtêngipun | ngucap ingsun kuwasa | wignya anggawe bilai | ingsun uga wong (m)balasar gawe ala ||
19. Pan sampun ayun-ayunan | aprang pan sami narpati | rame dènnya bandayuda | ing yuda kinrubut katri | ing ngarsa kanan kering | Mutmainah pinrih bingung | -nging raja katiganya | [...Mutmainah pan sayêkti (sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS)...] | nora ulap ing prang kinaribut tiga ||
20. Sang Sri Raja Mutmainah | tinumbakan wanti-wanti | ginoco cinamêthènan | nora kêna dènsêlani | sarta tinitir titir | Raja Mutmainah ambruk | lawan turangganira | klèsèdan tan bisa tangi | nanging taksih tuwajuh ing tekadira ||
21. Sinosog-sosog tan pêgat | sarwi alok-alok mati | saiki babarmu pisan | lah mangsa bisaa urip | mara budia aglis | raja Mutmainah muwus | èh mara tutugêna | sagêndhingmu aywa kari | ingsun ora awêdi lara lan pêjah ||
22. Sang Mutmainah sakala | pratignya sajroning galih | tinêdha pratandhanira | yèn manungsa kudu bêcik | muga kuwatna jurit | bisaa amalês ukum | ambirat ing luamah | Amarah Supiyah dening | nulya antuk kramat sigra ingayatan ||
23. Patitis pamukulira | sang Luamah cinamêthi | lêrês pipilinganira | tumèmplêg tiba anjungkir | Sang Amarah nulungi | cinamêthi pasunipun | anjungkêl tibèng kisma | Raja Supiyah nulungi | cinamêthi mukanya nulya aniba ||
24. Sinosog anèng pratala | klèsèdan Sang Raja katri | kalêmpêr sadangunira | nora bisa muna-muni | dangu nulya ngalilir | Raja Mutmainah muwus | èh paran karêpira | apa sira (n)jaluk mati | yèn (n)jaluka mati sun patèni sira ||
25. Sang raja katri turira | sakarsa paduka dadi | ginêsangan pinêjahan | yèn kênginga nêdha urip | mèsêm Sang Raja Sukci | eman têmên piyangkuhmu | dene nora sêmbada | saemu anjaluk urip | sigra cinamêthi malih sirahira ||
26. Raja Luamah Amarah | Supiyah samya ngêmasi | jisimme agilang-gilang | wadya sagotra sri katri | sasampunnira nuli | sang
Raja Mutmainahu | arsa ambêdhah kutha | andhudhah kadhaton katri | puranira tinon kalangkung santosa ||
27. Kuthane Raja Luamah | pagêr capurinya wêsi | kuthane Raja Amarah | capurinya têmbaga brit | kuthane Supiyahi | capurinira parunggu | sang Raja Mutmainah | manjing gapuraning puri | nèng langênning rakite ing purasmara ||

77. Asmaradana
1. Kocapa kang anèng puri | para garwa para putra | anangis umyung swarane | para èstri ing jro pura | nangis kalara-lara | langkung sêdhih manahipun | tan wande dadi boyongan ||
2. Para èstri sadaya (n)jrit | kakalih para punika | sampun dadya sakadhaton | anèng pura Atipuat | kuthane sang Amarah | binoyongan dadi satu | lir ulam munggwèng rampadan ||
3. Kakalih putra yu luwih  |  putrane raja Luamah  |  raja Amarah nuline  | kalangkung ayu utama| cahya pindha sasangka | pan nênggih ing namanipun | sang rêtna yu Salasiyah ||
4. Kang anèm Dèwi Rifangi | sasedane ramanira | kalangkung susah manahe | karuna amêtêg jaja | sasambat amlasarsa | adhuh rama milu lampus | sapa kang sunsêmbah-sêmbah ||
5. Tan antara nulya prapti | wau raja Mutmainah | lumêbêt ing jro kadhaton | ningali parèstri samya | karuna anèng pura | swarane tangis gumuruh | asasambat rajanira ||
6. Apapanggih putri kalih | karone samya karuna | Raja Sukci ngandikane | mênênga (ng)gonmu karuna | eman balut kang netra | manawi êrêg swaramu | lan lungsête cahyanira ||
7. Lah tujunên tingalmami | aywa gung adrês udrasa | babo mênênga karone | kang pindha sasangka maya | sang rêtna yu kalihnya | amêdhar tingal andulu | yèn ana satriyatama ||
8. Bagus kang cahya nêlahi | paguting liring kumêsar | kasoran sirna karone | karunanira rinantan | rêntêng micarèng nala | nalikane baya iku | ingkang matèni (n)jêng rama ||
9. Dèwi Rifangi jinawil | mring sang rêtna Salasiyah | ayo mundur dudu padon | nadyan ingsun dadi tawan | mangsa kêna ginampang | sang rêtnayu aris mundur | lir wulan purnama linggar ||
10. Cumêngkling atawan tangis | amung kang sinambat-sambat | ramanira kang wus layon | nulya Raja Mutmainah | andulu mring sang rêtna | tinutwuri lampahipun | minanis-manis ing sabda ||
11. Kèndêla ratuning puji | dhuh kusumaning nugraha | angêmot ing rahmat kabèh | tulungên wardayanira | yèn wus karsaning Suksma | ginanjar rêngu lan ayu | paran (ng)gonira sumanggah ||
12. Mulane sun tohi pati | ambeyani musthikèng dyah | yen luput sok-soka layon | baya wus karsaning Suksma | kusuma lawan ingwang | campuring rahmat lan wahyu | patêmon anèng idayat ||
13. Kèndêl tangise sang dèwi | wasana alon ngandika | sarwi amapan lungguhe | hèh sang Raja Mutmainah | sampun (ng)gagampang tingkah | sanadyan ing raganingsun | dadya tawan boboyongan ||
14. Nanging wus sunpupus pasthi | wit wontên panjaluk kula | dhatêng andika sang katong | yèn nanggupi karêpingwang | gêlêm kinarya garwa | nadyan ginawea mangwuh | amacèthi boboyongan ||
15. Yèn ora ingsun tan apti | angling Raja Mutmainah | mundhut apa mirahingong | yêkti suntêkani sira | sabarang karêpira | sang rêtnayu lon umatur | dene panêdha kawula ||
16. Uripêna rama mami | uripa katiga pisan | rama ingkang sami layon | kawula ngalap pratandha | yèn sayêkti kuwasa | nguripakên kang wus lampus | nyata wus badan nugraha ||
17. Sang Raja Mutmainahi | miyarsa pundhutaning dyah | sang nata èmêng driyane | wêkasan alon ngandika | kapriye mirahingwang | wus lakune prajurit gung | mati nglabuhi nagara ||
18. Pan wus karsaning Hyang Widdhi | kapindhone yèn uripa | ramanira kang wus layon | angrêbda ngrusak agama | adrêmba murka hawa | sang dyah karone ris muwus | ya durung bisa masesa ||
19. Kaping kalihipun ugi  |  yèn rama kula palastra  |  rusak kabèh jagad kiye  |  paduka duraka ing Hyang  |  yèn tan dènuripêna  | kalih kawula tan ayun | tinawan kinarya garwa ||
20. Raja Mutmainah angling | ewamangkono mas mirah | iya tan kawasa ingong | yèn ana sihing Pangeran | darma dadi jalaran | yèn kalilan ing Hyang Agung | sunuripne ramanira ||
21. Payo pinaranan aglis | padha sira sêksènana | ing ramanira uripe | nulya pinaranan panggya | bangkene sri katiga | tinangisan ing dyah ayu | nulya Raja Mutmainah ||
22. Ananêdha ing Hyang Widdhi  |  muga-muga ginampangna  |  kang mati uripa manèh | tinarima kajatira | sang Raja Mutmainah | anyipta angin lan kukus | anginipun Kayatollah ||
23. Kukus kukussing rijêki | tinêkan saciptanira | ing kukus sêga srêbêtte | lagya granane sumringah | lan angête watara | nulya krêntêg kêpyur-kêpyur | nulya ngarêjêt apolah ||
24. Kang mati wus urip malih | ya sang Raja Aluamah | Amarah Supiyah dene | wus samya tata alênggah | nèng ngarsane sang nata | sang Mutmainah lon muwus | mring raja katiga pisan ||
25. Hèh Aluamah sirèki | Amarah lawan Supiyah | saiki wus urip manèh | apa sira maksih murtat | apa ta iya nutta | Raja Luamah umatur | kawula datan lênggana ||
26. Sumangga karsaning gusti | kinarsakna sakit pêjah | badan kawula sumaos | tan darbe karsa sajuga | sang Raja Mutmainah | ngandika yèn sira uwus | amung srah sakarêpingwang ||
27. Anutta sakarsamami | sunkunjara bae sira | anèng nagaramu dhewe | sun uluri pangannira| nora sunwèhi luwar | sunkungkung salaminipun | sunbalênggu gulunira ||
28. Nulya tinrappakên aglis | sang Luamah kinunjara | Amarah Supiyah dene | sigra putri kalih pisan | binoyong bayaring prang | binêkta mring nagrinipun | abungah marwatasuta ||
29. Kaol satêngahing Kadis | amal kang patang prakara | dhingin wong kang bêtah mêlèk | kapindho kang bêtah tapa | acêgah mangan murka | amal kaping tiganipun | ingkang bêtah sabar lila ||
30. Apan sing sakawan nênggih | kang bêtah muruk ngèlmika | tingkah têrus ing ngèlmune | yèku manungsa ngalamat | kang bisa amasesa | ngunguwung ngunjara nêpsu | yêktyantuk gêng-gênging rahmat ||
31. Samono bae kang warti | tan cinatur panggihira | jalu lan èstri têmune | saru dhapuring carita | lawan lagu prênèsan | amumudhar tyas tawakul | kang bisa amêngku iman ||
32. Rara tamat caritaning | kanang Kadis Markum Baslam | Rancangkapti lon ature | nyuwun pangèstu paduka | sagêd anglampahana | kadi (n)jêng ibu pukulun | tan nambut silaning krama ||
33. Ewuh aya wong alaki  |  tangèh dhatêng Mutmainah  |  sang wiku lon ngandikane | sira nini tan kalilan | lamun kayaa ingwang | ing têmbe sira anambut | silaning krama utama ||
34. Mungguh ganjaraning Widdhi | mring kang nambut palakrama | ingkang nêtêpi patrape | laku-lakuning wanudya | ingkang winêngku priya | sayêktine tikêl pitu | tinimbang lan kang tan krama ||
35. Priye kono Jayèngsari | mungguh ing pamikirira | apa ta iya mangkono | Rahadyan matur manêmbah | lêrês kang pangandika | dwijèstri mawas sang bagus | ngandika jroning wardaya||
36. Wong iki dhasare sukci | lantip pasanging graita | pasaja têtêg asarèh | cacaloning aoliya | jatmikane katara | marang ing kadunyan tambuh | anduduk maring makripat ||

78. Mêgatruh
1. Wasana ngling nikèn wiku sira kulup | lan arinta Rancangkapti | banjurêna ing lakumu | mring plabuhan Banyuwangi | nêtêpana ingkang pakon ||
2. Nora pisan-pisan lamun ingsun nundhung | dadya anjrak anèng ngriki | bangêt suka-rênèng kalbu | satuhune ingsun asih | marang sira sakaroron ||
3. Nanging bakal munggêl lalakonmu kulup | kêbanjur datan kêpanggih | lawan ingkang sira ruruh | mula lakunira kalih | sunsusuwun ing Hyang Manon ||
4. Salamêta kalampahana sêdyamu | rinêksaa ing Hyang Widdhi | sakaliyan nêmbah matur | dhawuh timbalan sang yogi | saklangkung panuwuningong ||
5. Kalilana ing samangkya ulun mundur | lajêng dhatêng Toyawangi | tan lyan pangèstu pukulun | pandhita rara nganthuki | kalih nguswa suku gupoh ||
6. Sakaliyan mastakanya dènlus-êlus | poma aywa na kuwatir | rina wêngi ingsun jangkung | wus lèngsèr ari kinanthi | Ki Buras umajêng gupoh ||
7. Kalilana kadibale gadhah atur | nyuwun pangèstu basuki | kalawan anyuwun sangu | ingkang botên kenging ênting | ingkang cumbu wangsul kanthong ||
8. Wiku rara gumujêng ngandikanipun | anèh panjalukmu iki | pamikirku têka ewuh | kang sangu tan kêna ênting | nuwun cêblèke kemawon ||
9. Sanès ngèlmu inggih sangu arta lugu | sang wiku lajêng maringi | iki tampanana gupuh | mung rong gobog datan luwih | Buras (n)jêkutrut malerok ||
10. Saya suka sang wiku ngandikanipun | mungguh gobog loro iki | kok (ng)go jajan sasayahmu | kanthongamu mêsthi isih | gobog loro nora kalong ||
11. Gurawalan nèng asta nulya rinêbut | Buras mundur tanpa pamit | mung gumrêmêng sêlak kantun | prapta wingkinge sang putri | nolèh angandika alon ||
12. Buras dene nganti suwe nora nusul | inggih kantun sawatawis | yêktosipun mila dangu | kula nyunyuwun sang yogi | sangu pinaring rong gobog ||
13. Mangke bilih sampun dumugi ing warung | paduka kula pamèri | mangunahe gobog luhung | sapunika botên kenging | mindhak ngabar tanpa dados ||
14. Iya Buras mêngko tutura maringsun | wau ta lampahirèki | saking ing arga tumurun | Jayèngsari Rancangkapti | laminya tan winiraos ||
15. Sampun prapta talatahe Toyaarum | ngambah wana agung wêrit | anèng pasisiring laut | supitanning pulo Bali | Ki Buras kalangkung ngorong ||
16. Angupaya toya tawa wus pikantuk | sumbêr agung langkung wêning | cakêt sela agung-agung | tumpukan saking ing wukir | Buras tuwuk ngombe ngokop ||
17. Tandya wangsul umatur bandaranipun | wontên toya tawa wêning | mêdal sêlaning kang watu | tumpukan saking ing wukir | sangandhaping gurda ayom ||
18. Payo kakang aku sumuk arêp adus | lajêng lampahira prapti | sêndhang gya siram sang ayu | wusnya siram ngaring-aring | nèng ngandhapping gurda ayom ||
19. Ana janma tumurun saking parau | ngupaya mina jaladri | maring sêndhang nyangking buyung | sawussira ngambil warih | kagyat anon kang wiranom ||
20. Ki Pandaya alon wau aturipun | dhuh sang katêmbe kaèksi | mugi sampun dangu-dangu | rèrèh wontên sêndhang ngriki | pangampiran tiyang awon ||
21. Bajaglaut aru-biru karyanipun | rahadyan ngandika manis | bangêt panarimaningsun | kisanak asung pêpeling | rahayune kang lalakon ||
22. Buras gugup pandirangan asru matur | sumangga amentar aglis | laju linggar kalihipun | sang dyah lumampah ing ngarsi | anon tapaking kang gogor ||
23. Kakang iki tapak apa dene agung | dhapure lir tapak kucing | yayi tapak macan iku | êndi macane tan kèksi | yayi wus umpêtan adoh ||
24. Lampahira lajêng praptèng Toyaarum | karênan miyat arjaning | karajan myang dhusun dhukuh | sumbêr sêndhang umbul alit | tan petungan wenya nyarong ||
25. Larèn alit binatur ing sela pingul | angrêmbaka taru rêsmi | ayom samya subur-subur | saking saene kang siti | kawuryan têntrêm sakèh wong ||
26. Arjaning kang praja kalanirèng dalu | tan ana kang tutup kori | aglar rajakayanipun | nora nana dènkandhangi | tan ana wong sêdya nyolong ||
27. Banyuwangi pinuju pasarannipun | lagya tumawon kang wanci | kumandhangira kumruwuk | sakaliyan nulya manjing | raryan sorring kamal ayom ||
28. Buras tanggap ngrampêt dènnira tutuku | gobog kalih wira-wiri | binêktèng ngarsa sang ayu | ngirid tyang wade wi lêgi | kalawan jagung ginodhog ||
29. Ngrogoh kanthong gobog kakalih jinupuk | pinirsakkên mring sang putri | nulya tinumbaskên gupuh | wi lêgi saêndhas maling | nulya malih ngrogoh kanthong ||
30. Maksih wutuh kalih tinumbaskên jagung | sinukanan rolas iji | Buras latah namplèk pupu| ngêlungkên rong gobog malih | tampa jagung pat-blas ontong ||
31. Mèh saasta panjange jajanggêlipun | sêmbada bêntêt kang isi | sakêmlaka gênging jagung| kumupat gurih tur manis | alus tipis kang kalobot ||
32. Sang dyah (n)dangu Ras apa isih gobogmu | rinogoh kanthongan maksih | arta gobog kalih wutuh | têmên dhawuhe dyah rêsi | gobog datan kêna kalong ||
33. Saking pêkên lampahira laju ngidul | wanci rarya samya (ng)giring | praptanya ing Nglicin dhusun | ing pucaking arga Ijèn | sênênging tyas sakaroron ||
34. Myat laut ing karajan dhusun lan dhukuh | myang laut supittan Bali | baita kang samya labuh | pulo lan ardi ing Bali | lawan Laut Kidul katon ||
35. Ardi Banyuwangi katingal sadarum | wèh sênêng kang nêmbe uning | cêtha kang samya kadulu | Hyang Rawi tumamèng wukir | wulan purnama gumantos ||
36. Anyunari isining jagad sawêgung | enggar tyasira kakalih | dadya tan sipêng ing dhusun | saratri tan ana guling | wanci sata samya pêtok ||
37. Pangkat saking Nglicin andarung mangidul | eca kang samya lumaris | marga kayoman ing taru | rapêt padhanging Hyang Rawi | tan ana ingkang tumlorong ||
38. Kalèn wêning mili angapit dêlanggung | sinalisir sela langking | nahên lampahira rawuh | ing candhi Selacêndhani | gagandhengan asri tinon ||

79. Kinanthi
1. Radyan myang ari sang ayu | kèndêl sorring nagasari | Buras ngaturakên boga | wus samya dhahar sakêdhik | sêngsêm mulat candhi pêthak | ingukir kinêmbang rêmit ||
2. Sang dyah matur mring sang bagus | kakang iku apa candhi | dene warnane kok pêthak | kang di-(ng)go watu cêndhani | iya candhi iki rara | nanging lagi tumon iki ||
3. Ana candhi watu pingul | wangun bagus angrêrêmit | sapa baya kang atilas | patute yasan narpati | kèndêl dènnya raraosan | ana janma sêpuh prapti ||
4. Pêthak mêmplak ingkang rambut | têkèng githok akalimis | brêngos gathuk imba pêthak | brewok agung têpung putih | sarira anggalês krêsna | cawêtan mawi kulambi ||
5. Sarigak amundhuk-mundhuk | kadya sata amèmèti | nyakêti kang samya lênggah | makidhupuh praptèng ngarsi | amung silanira tumpang | umatur marang sang pêkik ||
6. Kula nama Menakluhung | kang minangka jurukunci | ing candhi pêthak punika | rawuh paduka ing ngriki | atur basuki pambagya | sintên sinambating kang sih ||
7. Kaki atanya maringsun | akakasih Jayèngsari | niki aringong wanudya | aran Nikèn Rancangkapti | Buras nambung kula Buras | kang abdi bandara kalih ||
8. Ki Menak-malih umatur | punapi arsa nênêpi | punapa mung ayun pirsa | radyan amangsuli angling | ulun amung yun uninga | kacaryan myat candhi putih ||
9. Umatur Ki Menakluhung | cariyossipun ing nguni | jaman kraton Majalêngka | ingriki klêbêt cêpuri | kadhaton ing Balambangan | ingkang jumênêng Narpati ||
10. Menakjingga sang aprabu | inggih Prabu Urubisma | ingkang (n)darbèni wasiyat | wêsi kuning dhapur bindhi | ampuhe kagila-gila | singa katiban babar ji ||
11. Nir daya kang têguh timbul | katiban ing wêsi kuning | dene candhi sela pêthak | punika panêpènnèki | sang aprabu Urubisma | wasta candhi Macanputih ||
12. Suwawi yèn badhe ayun | uninga amba kang ngirid | katiga wus samya linggar | saking soring nagasari | angubêngi candhi pêthak | tapis dènnira ningali ||
13. Ascaryambêg sang abagus | myat papan jêmbar waradin | myang lohing kang palêmahan | Menak matur duk rumiyin | arjaning praja babasan | loh jinawi pasir wukir ||
14. Gêmah ripah panjang punjung | nagri ngungkurrakên wukir | ngajêngakên palabuhan | kanan bandar kering sabin | toya wêning langkung kathah | tan karya sangsayèng nagri ||
15. Katêlah samangkenipun | wontên babasan sring-asring | lumintu para nangkoda | samya kampir dhatêng ngriki | mondhok padhêkahaningwang | malah ing samangke taksih ||
16. Kang wontên ing wisma ulun | mandhap saking nagri Bali | nangkoda ing Pangangsalan | nama Kiyai Hartati | wawi yèn parêng ing karsa | sarju kampir wisma mami ||
17. Karasèng tyas sang abagus | dhawuhing sang maha yêkti | Sèh Wadat ing Argapura | parmaning Hyang baya iki | kang angukup raganingwang | wasana ngandika aris ||
18. Kaki kalangkung panuju | Ki Menak sukanya ngênting | umatur suwawi linggar | sadayanya sampun kerit | dupi wus prapta ing wisma | Ki Menak bebeja maring ||
19. Ki Hartati nangkoda gung | yayi kula (m)bêkta tami | jalu Jayèngsari nama | lawan arinya pawèstri | Nikèn Rancangkapti aran | kalangkung kawêlasasih ||
20. Lah punika ingkang lungguh | anèng sajawining panti | Ki Hartati duk umiyat | marang raja putra-putri | wênês sênênning kang cahya | tangèh bèbèling ngacêplik ||
21. Martrênyuh tyas arawat luh | asêrêt wijiling angling | anggèr di kaparèng ngarsa | lungguha cakêt lan mami | sakaliyan wus alênggah | cakêt lawan Ki Hartati ||
22. Gya umatur mring sang bagus | pamintèngong ingkang mugi | aywa dadi ing tyassira | (ng)gon manira nora krami | awit ing pangrêngkuh-ingwang | wus kadya suta pribadi ||
23. Ingsun boya darbe sunu | ing jroning tyas sun prihatin | mangka wus anyingkir mangsa | nyai wus tan (ng)garapsari | paran marganira bisa | samya andarbeya siwi ||
24. Kamurahanning Hyang Agung | mau bêngi ingsun ngipi | antuk dhara lan jagowan | banjur ingsun-gawa mulih | maring nagri Pakalongan | lêstari pangingumami ||
25. Narik ing kamulyan agung | babasane ngrêjêkèni | satanginingsun anendra | datan bisa guling maning | katongton ing jro supêna | paran wahananirèki ||
26. Ing sapraptanira kulup | yêkti wahananing ngipi | punapinggih makatênna | ki raka kadi punapi | wahananing kang supêna | Menakluhung lingira ris ||
27. Yayi supêna puniku | wahananira kêpanggih | èngêt-ulun kawan pangkat | ingkang sapisan kapanggih | nênggih saking pipiridan | ping kalih kêpanggih saking ||
28. Tuturutan katrinipun | apan ta kêpanggih saking | ing wawangsulan punika | kaping sakawan kapanggih | nênggih saking pasêmonan | dene ta ingkang kêpanggih ||
29. Saking piridan puniku | kadi ta supêna uning | ing urubing kang dahana | wahananipun aruntik | latu dadya pipiridan | ing duka sasaminèki ||
30. Wahananing supênèku | pan ingkang kêpanggih saking | tuturutan upaminya | tiyang asupêna ngising | pinanggih ing wahananya | dadya kelangan sayêkti ||
31. Karana ing pisahipun | susukêr punika dadi | tuturutannipun ical | wahananing supênèki | panggih saking wawangsulan | kadi ta supêna manggih ||
32. Sungkawa wahananipun | amanggih suka sayêkti | karana sungkawa ing tyas | wangsulannya sukèng ngati | wahanane kang supêna | dadya pasêmon puniki ||
33. Ngipi rêbah wismanipun | pinanggih wahananèki | dadya kapêjahan somah | sasaminira puniki | mênggah ipèn ingkang dadya | pasêmone supênaning ||
34. Tyang walaka têgêssipun | janma kang tan nandhang sakit | miwah tan ngêmu sungkawa | supêna kang wahananing | pinanggih dadya wangsulan | tyang sayah supênanèki ||
35. Ipèn kang wahananipun | dadya tuturutan yêkti | supênaning janma roga | ipèn kang wahananèki | apan dadya pipiridan | supênaning tyang prihatin ||
36. Yayi supênanirèku | wahana sungkawèng galih | dènnira tan asusuta | asru miminta ing Widdhi | dumadya supênanira | angsal dhere sawung adi ||
37. Ing wasananipun antuk | atmaja jalu lan èstri | Ki Hartati duk miyarsa | suka amarwata siwi | manis wijilling wacana | kulup lan arinirèki ||
38. Yêkti ingsun ambil sunu | ing dunya praptaning ngakir | tak gawa mring Pakalongan | yèn ingsun tumêkèng lalis | samuwaning rajabrana | sira karo kang (n)darbèni ||
39. Sinaksènna ing Hyang Agung | lawan (n)Jêng Nabi sinêlir | sakarone sutaningwang | aywa padha ana krami | katon rumakêt mring bapa | mangkana dhuh Jayèngsari ||
40. Lêjaring tyas suka sukur | aturnya nyênyês mrakati | dhuh rama wong tuwaningwang | ulun lan putranta yayi | atur prasêtya prasaja | ing lair têrussing ngati ||
41. Nganggêp sudarma satulus | ing dunya praptaning ngakir | sakarsanta aywa wangwang | pangrèhira marang mami | aywa kang tumêkèng lara | tan tambuh prapta ing pati ||

80. Gambuh
1. Ki Hartati gya gupuh | ngrangkul gapyuk marang kalihipun | sarwi angling sing ora-ora kawijil | dhuh babo jantung-atiku | pasiyane Hyang sayêktos ||
2. Tan wus lamun kawuwus | kang sih-sinihan kalawan sunu | radyan matur mring Menakluhung kiyai | uwa bab supêna wau | paran pardikane reko ||
3. Ingkang kawasitèku | kalih ingkang kacakrabawèku | kaping tiga anênggih kadaradasih | kadarsana kaping catur | (ng)guguk wangsulannira lon ||
4. Ipèn papat prakarèku | nora kêna pinardika iku | kaya dene ipèn kang kawasitèki | têgêse apan katayuh | iku ipènne kang uwong ||
5. Antuk wangsit satuhu | upamane janma nuju tunggu | uwong lara sing tunggu turu angipi | iku tambanana anu | linaksanan waras yêktos ||
6. Pan wangsiting Hyang tuhu | ipèn kang kacakrabawa iku | kacipta ing wicara duk durung guling | kang rarasan barêng turu | supênanira pan cocok ||
7. Lawan rarasanipun | nalikane mêlèk durung turu | ipène kang kadaradasih pinardi | têrus lan wahananipun | pama ngipi wruh sotya byor ||
8. Barêng tangine turu | uga wêruh ing sotya byor mau | ipèn ingkang kadarsana têgêsnèki | katulat upaminipun | sadurunge turu wêroh ||
9. Taksaka langkung agung | barêng turu angipi wong iku | wruh taksaka agung sasaminirèki| ipèn pat prakara iku | tan kêna winêrdèn yêktos ||
10. Krana wahananipun | ana tingkah ana dadya jumbuh | cuthêl kaki bab ipèn kang dak kawruhi | suka ing sadayanipun | Buras matur sumalonong ||
11. Lir dongèng Andhelumut | mawi maring pêkên tuku kacu | cukacuthêl mak kalakêp tan na maning | bok malih jênge tan ngantuk | kula karêm ngarsa omong ||
12. Mèsêm Ki Menakluhung | kacung Buras dhasar mêncul tutuk | wong wis êntèk apa kang winêdhar malih | lah iki wus wancinipun | prayoga sami lêlêson ||
13. Ambanjêng munggèng salu | Ki Hartati cakêt lan kang sunu | datan guling lawan Radyan Jayèngsari | Ki Hartati tatanya rum | kulup jarwaa sayêktos ||
14. Kang ayoga sirèku | myang sêdyanta ywa kumbi nakingsun | radyan matur purwa madya wasanèki | ginêlarakên sadarum | sarta waspanya drês miyos ||
15. Hartati duk angrungu | prasajane Radyan Jayèngsantun | saya mantêp dènnira angaku siwi | mangkana wus wanci bangun | sakaliyan waktu Suboh ||
16. Ki Menakluhung sampun | asasaji pasugatanipun | dhaharan enjang-enjangan wedang kopi | samapta lumadyèng ngayun | winantu ing sabda alon ||
17. Yayi sawontênnipun | nyumanggakkên sakaparêngipun | Ki Hartati myang atmajanya kakalih | rêsêp bukti samya kêmbul | wus dumugi Buras nglorot ||
18. Ki Hartati lingnya rum | dhuh kiraka ulun sangêt nuwun | marganing kang antuk kanugrahan Widdhi | kadugèn osiking kalbu | ingkang anjalari rawoh ||
19. Saking kiraka tuhu | pan rumaos tan sagêd rinipun | amamalês kang timbang raossing ngati | Ki Menak umanggut-manggut | tuhune mung darmi ingong ||
20. Panuju wêkdallipun | kêparênge ing Hyang Maha Luhung | dak badhene si adhi kêsusu mulih | wus wayahe wong kêmaruk | Hartati latah lingnya lon ||
21. Kiraka yêktosipun | (ng)gih makatên bêbêg kêdah mantuk | têka mangke amung panti kang kaèksi | daya-daya praptèng sudhung | kèndêl dagang muhung momong ||
22. Iba ta sukanipun | rayi (n)dika wus aliman ulun | kalilana mancal jong enjing puniki | (ng)gih yayi antuk rahayu | wit mancal praptaning laboh ||
23. Kakalih sutaningsun | ulun asung pamuja rahayu | wus samapta bidhal saking Ragajampi| Menakluhung atut pungkur | ing palabuhan wus anjog ||
24. Ki Hartati pan asung | titilaran mring Ki Menakluhung | baranarta sinjang lêlêmês mawarni | kathahe tan kênèng ngetung | wusnya andum karahayon ||
25. Layar binabar mamprung | antuk angin lampahe kang prau | marmaning Hyang kadi larapping jêmparing | tan winarna laminipun | ana ing laut wus rawoh ||
26. Pakalongan wus rawuh | saking baita tandya tumurun | atmaja dwi kinanthi anganan-ngering | pra lêskar (ng)garubyug pungkur | myang ngerid barang ginotong ||
27. Cingak kang samya (n)dulu | de katêmbèn ki sudagar rawuh | nganthi rarya kakalih sami linêwih | kang jalu bagus jatmika | kang èstri ayu mancorong ||
28. Tanya mring lêskaripun | winangsulan iku ingkang sunu | nyi sudagar swaminya ing Banyuwangi | mangkya ngajal milanipun | kalihe samya binoyong ||
29. Apan ta wus angumum | kang miyarsa pracaya ing kalbu | dupi prapta ing wisma Nyai Hartati | gurawalan dènnya mêthuk | tundhuk radyan sakarongron ||
30. Mangraup suku gapyuk | angabêkti turrira mlasayun | aywa kaduk ing tyas abela panampi| ulun putranta satuhu | Jayèngsari araningong ||
31. Lah iki ariningsun | Rancangkapti sayayah saibu | mijil saking garwa kang nèng Banyuwangi | mangkya ibu uwus surud | milane ulun binoyong ||
32. Nyi Hartati tan muwus | lingak-linguk nanging uwus runtuh | trêsna asih wêlas mring atmaja kalih | Kiyai Hartati (ng)guguk | wusana ngandika alon ||
33. Wis nyai jakên mlêbu | marang panti kakalih anakmu | seje dina bae kowe dak wartani | lalakone atmajamu | sawusira aso gupoh ||
34. Nindakkên gramènnipun | kadya saban Nyi Hartati sampun | jinatènan anane kakalih siwi| uwus ingandhar sadarum | nyai sudagar cumêplong ||
35. Tan seos kadya kakung | dènnya ngrêngkuh mring kakalih sunu | alêstantun tan ana winalangati | nyai kyai saya sêpuh | myang karênan dènnira mong ||
36. Babasannya satuhu | sugih singgih dènnya dagang mantun | sakèh potang tan ana ingkang tinagih | suprandene malah wuwuh | rijêkine ingkang rawoh ||
37. Mêmpêng ngibadahipun | datan towong myang kakalih sunu | tan kêna sah kadya wade dènnya ngêmpit | lininging jinuju wuruk | mrih mungkur pakarti awon ||

81. Pangkur
1. Ki Hartati mêdhar sabda | dhuh sutèngsun sêdhêng sira ngawruhi | witting kabungahan iku| kang dadi pangèsthinya | ing manungsa pitung prakara kèhipun | ingkang sapisan kasuran | wardi kawantêran nênggih ||
2. Amrihira kineringan | wignya saking kasaktèn iku kaki | dene ta kalakonipun | saka acêgah mangan | de dadine saka santosaning kalbu | kang dadi sambekalanya | lamun anjajadha tuwin ||
3. Anganiaya sasama | kapindhone kagunan têgêsnèki | kapintêran pamrihipun | kinêdhèpan sasama | wiwittira saka puruita kulup | dene kalakone saka | têlatèn miwah tabêri ||
4. Kang dadi sambekalanya | yèn sungkanan  miwah rusuh ing budi | kabêgjan kang kaping têlu | têgêse kasugihan | pamrihipun kinalulutan puniku | wittira saking (ng)gaota | dene kalakone saking ||
5. Sabar tanapi narima | dumadine saka gêmi nastiti | angati-ati puniku | kang dadi sambekala| lamun lèr-wèh lawan angumpêt puniku | kang kaping pate kabrayan | apan wardèn têgêsnèki||
6. Sugih putra lawan wayah | pamrih kopèn kinamulenan nênggih | saking ing sih wiwittipun| kalakone pan saka | mêpêt sabda mênggah kadadeyanipun | saking mantra myang sarana | nanging sambekalanèki ||
7. Para sêngitan sumlangan | kaping lima kasinggihan winardi | kaluhuran pamrihipun | kaajèn kinurmatan | witting saka tatèki nastapa iku | kalakone saka puja | kalawan ing pangabêkti ||
8. Dadi saka anorraga | ingkang dadya sambekalanèki | manawa loba ing kalbu | lawan angkaramurka | kaping nênêm kayuswan pan têgêsipun | apanjang ing yuswanira | kinandêlan pamrihnèki ||
9. Witte saka sadubudya | kalakone saka ing wahdat kaki | dadya saka sêtyatuhu | kang dadi sambekala | lamun dora kalawan cidra puniku | kang kaping sapta pungkasan | kawidagdan têgêsnèki ||
10. Kayuwanan pamrihira | kinopaman wittipun saking sukci | klakon saking cêgah nginum | mungguh kadadèyannya | saka paramarta lawan utamèku | kang dadi sambekalanya | manawa alaku nisthip ||
11. Kalawan asugih duka | uwus tamat ingkang pitung prakara | wau ta Dyan Jayèngsantun | karênan ing wardaya | alon matur rama wawarahmu wau | paran bisane katêkan | Ki Hartati malih angling ||
12. Kulup dadine kang cipta | kabèh iku manawa dèn-têmêni | ananing sêdya puniku | manawa ingantêpan | katêkane ing karsanira puniku | lamun têmên linampahan | ana babasannirèki ||
13. Dadi ing saciptanira | apa barang ing sasêdyanirèki | kalakon sakarsanipun | nanging ingkang mangkana | tumrap marang manungsa waskitha putus | ing sasandining dwi-astha | manawa manungsa maksih ||
14. Walaka satuhunira | wêruhipun kalamun dèntêdahi | bisane lamun winuruk | de dadine manawa | ditandangi wau ta Dyan Jayèngsantun | wus tampi ing pasang cipta | kang winêdhar Ki Hartati ||
15. Condhong suka rênaning tyas | amung ngungkih matur marang sudarmi | rama ing sauwusipun | dak lakoni sadaya | kaya paran (ng)goningong ngêtrapkên iku | Ki Hartati angandika | kulup tan kêna samangkin ||
16. Durung pinarêng ing mangsa | radyan minggu asru (ng)gagas ing galih | katungka ing Mahrib waktu | wus samya asêmbahyang | sabakdaning Ngisa nulya dhahar kêmbul | nutug dènnira bujana | sadaya samya wawanting ||
17. Asta rêsik sinarbètan | Nyi Hartati tatanya mring kang siwi | rara apa wus sumurup | arane driji lima | myang karêpe ing sawiji-wijinipun | ibu aku durung wikan | sang dyah gya rinangkul aglis ||
18. Ingarasan wantya-wantya | astanira kang kanan dèncêpêngi | lah èngêta sira masku | mulane ginawanan | driji lima punika ta arannipun | ing sawiji-wijinira | jêjêmpol ingkang rumiyin ||
19. Panuduh kaping kalihnya | kaping tiga panunggul rannirèki | manis ingkang kaping catur| jêjênthik kaping gangsal | kawruhana mungguh sêmune Hyang Agung | wong wadon wus ginawanan | dalil panganggoning èstri ||
20. Iku wajib kinawruhan | karêppe sawiji-wiji dariji | mula binêktan sirèku | jêjêmpol marang ing Hyang | dèn kaya pol ing tyas yèn angarsèng kakung | têgêse pol dènagampang | sabarang karsaning laki ||
21. Mula ginawanan sira | ing panuduh aja akumawani | anikêl tuduhing kakung | sapakon lakonana | pramilane ginawanan kang panunggul | kakungmu unggul-unggulna | miwah kalamun paparing ||
22. Nadyan thithik nora mandra | unggulêna guna kayaning laki | marmane sira puniku | jari manis ginawan | dèn-amanis ulat atanapi têmbung | yèn ana karsaning priya | dhoso (m)basêngut ywa nganti ||
23. Ing netya dipun sumringah | nadyan lagi rêngu jro tyasirèki | yèn ana ngarsaning kakung | buwangên ywa katara | marmanira ginawan jêjênthik iku | dipun athak aithikan | yèn ana karsaning laki ||
24. Karêpe athak ithikan | dèntarampil marang sabarang kardi | kalamun ngladosi kakung | dèn-ririh lan dèn-kêbat | aywa kêbat drêg-drêgan grobyagan iku | kêbat narutua nistha | pan rada ngoso ing batin ||
25. Lamun kok èngêti rara | ingsun tanggung wus masthi sira manggih | mulya dunya akiripun | lan aja manah nyimpang | dèn-tumêmên dibandhunga patang puluh | aja gumingsir tyassira | dèn-trus lair têkèng batin ||
26. Rancangkapti duk miyarsa | sampun tampi cinancang pulungati | matur marang renanipun | dhuh ibu pangèstunta | muga-muga pinarêngna ing Hyang Agung | bisa nglakoni kang dadya | karêpe dariji gati ||
27. Luwaran dènnya dhaharan | tan antara nulya amapan guling | wau ta Dyan Jayèngsantun | kalawan risang rêtna | katri Buras wus lami dènnya dudunung | anèng nagri Pakalongan | lumintu Kyai Hartati ||
28. Sung wuwulang mring rahadyan | Nyi Hartati sung wulang Rancangkapti | samya ngêtog kawruhipun | kang nampèni kacêkap | kawarnaa Nyi Hartati gêrah sêpuh | pinarêng lan takdirira | tumêkanira ing jangji ||
29. Sang dyah alara karuna | layonnira kang ibu dènrungkêbi | mlasasih sasambat ibu | sapa kang momong ingwang | dene durung laki têka ibu lampus | sumaput datan panon-rat | Rancangkapti lir ngêmasi ||
30. Gumrah tangis jroning wisma | Ki Hartati amondhong ingkang siwi | mèwèk-mèwèk marêbês luh | dhuh jantung atiningwang | lah emuta babo nyawa ywa kabanjur | papas pupussên tyassira | èngêta yèn wus tinakdir ||
31. Malah sukura ing Suksma | susuwunên kamulyaning kajatin | kang langgêng salaminipun| anakku Jayèngsêkar | aku pasrah mungguh layonne ibumu | wis kono mangsa bodhoa | pêtakên mring dhusun Sranggi ||
32. Sang dyah rara wus binêkta | maring wisma pungkur ing tamansari | gya wungu saking ing kantu | anungkêmi kang rama | Ki Hartati tansah (m)barêbêl kang êluh | pêgat-pêgat angandika | wis wungua sira nini ||
33. Rancangkapti wus alênggah | rama sira ywa bali marang panti | èh bocah wadon dèngupuh | maringa patamanan | ngundhuhana kêmbang gambir mlathi mênur | capaka argulo mawar | salong mênyanga ing panti ||
34. Patang gêndul lênga mawar | lawan lênga sêtambul têlung kopi | jêbadan rong cupu agung | we mawar myang hèr jamjam | ngênêm êncèh ratus têlung lodhong agung | kayu garu têlung rêmbat | kabèh wêtokêna aglis ||
35. Aturêna kakangêmas | lan rimongku kang saka ing Ngarabi | kêmbang êmas putih biru | kang têka wingi ika | kaagêmna lurub bandhosane ibu | banjur tinumpangan sêkar | roroncèn anamman kanthil ||
36. Uga aturna kakangmas | sampun mundur pra dasih kang tinuding | sang rêtna angrujit santun | kang nglayat tan petungan | jêjêl uyêl ambèr tumêka ing lurung | kang layon wus binrêsihan | samêkta rêrênggannèki ||
37. Jayèngsari gya utusan | lah ta Buras matura mring Kiyai | sarèhne iki wus rampung | wus samêkta sadaya | kang inganti pra sêpuh wus padha rawuh | nyuwun lilah banjur mangkat | Ki Buras umentar aglis ||
38. Panggih matur rèh dinuta | ki sudagar tan angling mung nganthuki | wus matur marang sang luhung | nuwun sampun kalilan | wus umangkat kang dhikiran swara arum | umyung lir manêngkêr wiyat | samarga wuwuh kang ngiring ||
39. Sampun prapta pasareyan | Jayèngsari ingkang mêtak pribadi | paragad pamêtakipun | kang ngiring wus bubaran | sowang-sowang mantuk maring wismanipun | radèn mantuk wus kapanggya | kalawan rama myang ari ||
40. Rancangkapti Jayèngsêkar | myang pra santri jalu kalawan èstri | datan kirang saking satus | ratri pantara siyang | samya darus Kur'an tan na kêndhatipun | praptèng patangpuluh dina | nulya amung sabên ratri ||
41. Èstri pitu jalu sapta | Rangcangkapti wus (n)darus katam kaping | pitu dene Jayèngsantun| wus katam ping sadasa | sampun lêjar kang samya kataman giyuh | Ki Hartati awidada | dènnira mong siwi kalih ||
42. Tulus amukti wibawa | datan kêndhat sêdhêkah dana mintir | maring sasamèng tumuwuh | rupa barana arta | pinapantês ing sapangkat-pangkatipun | janma nagri Pakalongan | warata kadanan sami ||
43. Babasan tan na kliwatan | suprandene dunyane Ki Hartati | nora kalong malah wuwuh | karya eramming kathah | ana ngira yèn saka karamatipun | putra dwi èstri lan priya | kang cahya apindha sasi||
44. Mintir samya lêng-ulêngan | para tamu myang janma aminta sih | apa ing sakarsanipun | sayêkti sinukanan | saking nagri liyan apan wus misuwur | Ki Hartati ambêg dêrma | asih marang ing sasami ||
45. Anuju ari sajuga | Ki Hartati salira angalêntrih | animbali mring kang sunu | dhuh karo atmajèngwang | bokmanawa wus cakêt lan maotingsun | anon sadhengah wus kêmba | rarasati nikmat êning ||

82. Mijil
1. Pêngetungku Jumngah ngarêp iki | purnama mancorong | pan kabênêr ing sèwu dinane | ibunira bokne Rangcangkapti | radyan awotsari | paran etangipun ||
2. Ki Hartati angandika aris | saking ri duk layon | kaetang nêm pasaran limane | sasinira kaundur kakalih | dene tanggalnèki | lilima kaundur ||
3. Duk gêblage iku amarêngi | ari Akat Êpon | tanggal kaping rong puluh Surane | taun Alip Akat etung siji | Sênèn etung kalih | Slasa etung têlu ||
4. Rêbo papat Kêmis limanèki | Jumungah nêm pantog | de pasaran Pon siji etunge | Wage loro Kaliwone katri | Lêgi papat nênggih | Paing limanipun ||
5. Ping rong puluh awit mundur siji | ping sangalas roro | ping wolulas têtêlu undure | ping pitulas papat undurnèki | jangkêpira kaping | nêmblas lima mundur ||
6. Sasi Sura awit mundur siji | Bêsar jangkêp loro | dadi ana Jumungah Painge | tanggal kaping limalas marêngi | Dulkangidah sasi | Jimawal kang taun ||
7. Nyuruhana mitra ngundang santri | jalu lawan wadon | ywa kuciwa sugatane nikèn | maragatta kêbo sapi kambing | ayam wiwah biri | bèbèk banyak kalkun ||
8. Wedang soklat êtèh lawan kopi | dhaharan sing gamoh | kang mirasa kang kapara akèh | barêkatan prantènana kaki | myang salawat picis | ywa kuciwèng sêmu ||
9. Tur sandika mundur suta kalih | mituhu sapakon | praptèng ari wus samêkta kabèh | bakda Ngisa Kiyai Hartati | pinarak pandhapi | manggihi pra tamu ||
10. Kang mapakkên miwah ngacarani | mrênahkên kang ênggon | Jayèngsari tan ana kèndêlle| jroning wisma Nikèn Rancangkapti | sanggyaning tatami | pinarnahkên sampun ||
11. Santri kaji nangkoda priyayi | apan datan awor | Ki Hartati midêr sung pambage | myang salaman dupi wus waradin | Radèn Jayèngsari | mahyakkên ing parlu ||
12. Têmbung cêtha angrêsêpkên ati | anorraga alon | miminta sih marang sadayane | tamu miwah santri kang miyarsi | rêsêp sukèng ngati | sugata lumintu ||
13. Nulya tapuk sagung para santri | sapêrlune ngaos | kang tan ngaos arame gogotèk | ing jro panti pan mangkono ugi | Nikèn Rangcangkapti | tan na kèndêllipun ||
14. Dènnya (m)bujakrami mring tatami | rahab ing susugoh | lan kakungan ing jawi tan pae | wussing katam kèndêl sawatawis | tapuk sahman dhikir | swaranya gumuruh ||
15. Nglêbêt (n)jawi sarampunging dhikir | ambêngan lumados | dinonganan arêmpêk amine | pragad donga gya bukti dumugi | brêkatan rinakit | piring cangkir kriyuk ||
16. Kètèl mangkok kuwung kêda basi | grêglèk gêlas bokor | kêndhi suru lading myang cukite | dhulang tenong cêthing srêbèt putih | bakakên si lilin | glaran batu alus ||
17. Pakinangannya tunggal miranti | salawat nèng kanthong | nyangang reyal pitu tumurune | gangsal niga maratah nyaringgit | miwah sadayaning | kang nèng ngarsanipun ||
18. Binêktakkên sanggyaning tatami | waradin sakèh wong | suka rêna ing tyassira kabèh | amaratah brêkate wong siji | ngalih bêktan sami | ana (ng)gotong têlu ||
19. Para tamu wus aminta pamit | Hartati lingnya lon | babo ingkang rawuh sadayane | sakalangkung ing panuwun mami | suka rênèng ngati | tan kenging winuwus ||
20. Sampun kirang aksamanta sami | maring raganingong | barêkatan apan prayogine | kaantukna rumiyin mring panti | kaparênga nganti | sakêdhap turulun ||
21. Samya (n)dhêku sanggyaning pra tami | brêkatan wus bodhol | Ki Hartati pamit mring tamune | yun manggihi para tamu èstri | dupi praptèng panti | angsung salam gupuh ||
22. Tatanya ring rara Rancangkapti | para tamu wadon | apa uwus mranti brêkatanne | iya rama wus ginawa mulih | apa saananing | kang lumadyèng ngayun ||
23. Dalah wadhah dak purih (ng)gawani  |  lawan (n)jawi jumboh  |  Ki Hartati latah sru sukane |  kacondhongan sabarang karsèki  |  putra wruh ing wangsit  |  wasana lingnya rum ||
24. Pra rubiyah kang rawuh ing ngriki | sru panuwunningong | mugi sampun kirang aksamane | ngantossana saking sawatawis | wontên pêrlu kêdhik | pra rubiyah (n)dhêku ||
25. Ki Hartati ngambil toyastuti | gya lumêbèng gêdhong | salat kajat dangu antarane | nulya ana cahya anêlahi | sakèh damar lilin | sirna sorottipun ||
26. Samya kagyat sakèh ingkang janmi | Rancangkapti gupoh | manjing gêdhong nêlahi sunarre | marêpêki kang rama pinanggih | wus tumêkèng jangji | puput yuswanipun ||
27. Mujur ngalor munggwèng kanthil sukci | Rancangkapti (m)bêngok | ngadhuh-adhuh nrungkêppi layonne | kawarnaa kang ana ing (n)jawi | sagunging parèstri | bilulungan gugup||
28. Jayèngsari kagyat mentar aglis | prapta jroning gêdhong | wus têtela kang rama sedane | gya sinambut Nikèn Rancangkapti | pangandika ririh | babo ariningsun ||
29. Dèn narima sukur ing Hyang Widdhi | takdir kang dhumawoh | lah èngêta garissing papasthèn | tanpa pêrlu manggung kok tangissi | balik dèn-miranti | tikêllên lan sibu ||
30. Lêjar ing tyas Rancangkapti mijil | nèng jarambah lunggoh | tur uninga marang tatamune| myang parentah maring para dasih | sampêtting pakarti | sadaya kacukup ||
31. Jayèngsari mêdal tur udani | yèn kang rama layon | samya (n)jêtung (m)barêbêl waspane | para èstri gumrumung anangis | Radyan Jayèngsari | aparentah gupuh ||
32. Amiranti pangkat benjing-enjing | panguburre layon | tan winarna ingkang nambutgawe | para tamu guyup angrencangi | layon binarêsih | rinukti pinatut ||
33. Ingkang dadya pangagênging nagri | Pakalongan rawoh | Jayèngsari nêmbah lon aturre | pangkattipun layon benjing-enjing | ulun lawan ari | tumutur mring kubur ||
34. Nanging lajêng tan wangsul mring nagri | ulun yun dhêdhepok | kang tan têbah lawan astanane | rama ibu wontên dhusun Sranggi | sakawontênanning | kang kantun sadarum ||
35. Dalah papan pemahan myang panti | trussing lair batos | ulun sumangga ing sakarsane | ingkang ngasta pangawasa nagri | sakarsanta dadi | aywa walangkalbu ||
36. Dhuh sanggyaning kang rawuh ing ngriki | mênggah aturingong | sami ngidènnana sadayane | saur paksi tamu jalu èstri | mangkana wus wanci | sêdhêng angkattipun ||
37. Wus rinakit kang samya umiring | angrênggani layon | kèhing janma myang uparênggane| tikêl pitu kalawan duk nyai | sakalir wus mranti | ingangkatkên gupuh ||
38. Kèhing janma ramene kang dhikir | kadya samodra rob | kataman ing prahara gora rèh | gumalêdhêg kang kari anggili | kaponthal nututi | lajêng samya mikul ||
39. Tan winarna lampahirèng margi | ing astana rawoh | sinarèkkên cakêt lan nyaine | paragadding panguburrirèki | kang samya umiring | sadaya wus mantuk ||
40. Kantun para batih kang umiring | marang sakarongron | Jayèngsari alon ngandikane | èh sakèhe abdine kiyai | tan na dakaranni | mantuka rumuhun ||
41. Ngopènnana saananing panti | dene raganingong | patang puluh ari anèng kene | mulyakakên ingkang wus suwargi | poma dèn nastiti | sagung para wadu ||
42. Wussing tampi dhawuhnya sang pêkik | kêbut jalu wadon | samya mantuk marang ing wismane | kawarnaa kang kari prihatin | Radyan Jayèngsari | nèng ngandhapping pocung ||

83. Pocung
1. Dhuh riningsun payo tumuli lumaku | ngupaya kang dadya | wêcane sang maha yogi | ngêndi baya prênahe ing Sokayasa ||
2. Yèn talendho ing laku mênèk kajujul | mring batih kang padha | trêsna sih ayun umiring | ing sapurug satêmah ngribêddi lampah ||
3. Iya kakang aku (n)dhèrèk sakarsamu | Ki Buras turrira | upaminipun ngêntosi | kula badhe tilêm saking saêleran ||
4. Rancangkapti angandika sakarêpmu | ananging dak tinggal | sira kantunnna pribadi | yèn wus tangi banjur age anusulla ||
5. Buras matur uwis kojur botên èstu | rahadyan wus linggar | saking ing astana Sranggi | ngidul ngetan sumêngka anggraning arga ||
6. Tumurun ing jurang pèrèng siluk-siluk | surupping baskara | kèndêl dènnira lumaris | sipêng anèng dhusun tuwin padhêkahan ||
7. Enjing bangun linajêngkên lampahipun | lêpasing lumampah | tan ana sangsayèng margi | ya ta wau para batih Pakalongan ||
8. Samya nusul marang ing Saranggi dhusun | rahadyan tan ana | atanya mring kanca siti | winangsullan sadangune nèng astana ||
9. Mangkya suwung wikana ing puruggipun | pra dasih sungkawa | bilulungan ngupadosi | alêstantun tan ana ingkang pinanggya ||
10. Sigêg ingkang pra dasih kang wayang-wuyung | wau lampahira | Jayèngsari Rancangkapti | wus angancik sukuning Parau arga ||
11. Amalipir ngambah têpining tlaga (n)dhut | warak kang kapapag | (ng)gêndring marang êmbêl bêlik | saya (n)dêdêr ing lampah langkung rêkasa ||
12. Êbun ingkang nèng godhong pating parêntul | gumêbyar lir sotya | hawa asrêp anglangkungi | kang mahawan sadaya nrêthêk wèl-wèllan ||
13. Buras nyêbut bilah thik adhêm kalangkung | sabarang kaidak | rasane lir ngidak api | kira-kira iki lagi bêdhug awan ||
14. Iba mêngko lamun wanci bangun esuk | kiraku tikêl pat | ah kranjingan adhêm iki | sakirane apa ana wong kang krasan ||
15. Manggon anèng kene raratune (n)jêkut | suprandene (n)dara | sakaliyan tan katawis | ngeca-eca dènnira sami tumindak ||
16. Radyan nolih ywa kok praduli bae wus | adhêm manggon dhawak | Ki Buras wèl-wèlan angling | botên niyat pun adhêm kula ajaka ||
17. Tanpa têmbung gapyuk ngrangkul malbèng usus | tinundhung tan kesah | malah kêkah anggendholi | têpung pisan si adhêm kok banjur trêsna ||
18. Gya tumurun rahadyan ing lampahipun | anon padhêkahan | anèng lambunge kang wukir| angandika payo yayi pinaranan ||
19. Kang garêmbêl ngarêp iki kaya dhukuh | ngupaya patanyan | lampahipun sampun prapti | patêgalan nuju pangagênging dhêkah ||
20. Ngundhuh-undhuh Kenthol Gunawan jujuluk | kagyat duk umiyat | janma tri saking ing ardi | lampahipun ngênêr maring patêgilan ||
21. Ki Gunawan amapagkên sampun tundhuk | aris atatanya | kamipurun nilakrami | nami sêdya miwah kawijilannira ||
22. Jayèngsari amangsuli ngandika rum | kula Jayèngsêkar | sadhèrèkulun pawèstri | Rancangkapti saking nagri Pakalongan ||
23. Sêdyaulun maring Sokayasa dhusun | Gunawan tatanya | sintên ta ingkang sisiwi | kang ayoga ulun Ki Hartati nama ||
24. Kenthol (ng)guguk Ki Hartati mitraningsun | wus lami tan panggya | punapi taksih basuki| nuwun mangke sakaliyan sampun lina ||
25. Kala sugêng wantos-wantos wêlingipun | ing sapungkuringwang | sira lan arinirèki | pruitaa sang pinundhi Sokayasa ||
26. Milanipun sarampungirèng pangubur | tan wangsul mring
wisma | lajêng mentar praptèng ngriki | Ki Gunawan angling kula botên nyana ||
27. Lamun sampun praptèng jangji kalihipun | anak dènnarima | ngèstokkên tuduh sudarmi | bokmanawi ing têmbe manggih kamulyan ||
28. Lamun sarju prayogi kampir wismèngsun | nêntrêmkên sarira | rèh mêntas lalampah têbih| têmbe ulun umiring mring Sokayasa ||
29. Sakaliyan tyassira langkung panuju | wus kerit mring wisma | Gunawan nulya ngundangi| para batih kinèn samêkta sêsêgah ||
30. Wusnya rampung linadossakên mring ngayun | dhuh anak sumangga | kinarya jampi kalantih | sawontênne sugatanipun tyang ngarga ||
31. Tanpa rabi pramilanya langkung kidhung | èh bocah gêdhèkna | oncormu ywa kongsi mati | sakaliyan wus wawanting nulya dhahar ||
32. Wus dumugi linorodkên Buras gupuh | Rangcangkapti lingnya | kakang iki desa ngêndi | lawan ingkang aran totor iku apa ||
33. Ana jroning wisma suda asrêpipun | sapa namanira | ingkang darbe wisma iki | dene ngaku mitrane kang wus suwarga ||
34. Ki Gunawan gumujêng alon lingipun | anak nama kula | Kenthol Gunawan duk maksih | rêmên dagang lan rama (n)dika tan pisah ||
35. Baya sampun tinakdir dera Hyang Agung | ulun tansah tuna | rama (n)dika manggung bathi | kaku ing tyas dhêdhêkah Diyèng punika ||
36. Sêpi samun suprandene manahulun | têntrêm sukawirya | angungkuli kala sugih | sangandhapping panti punika guwanan ||
37. Rintên dalu totor latu datan lampus | mila nèng jro wisma | datan akaraos atis | Buras matur lêrês-lêrês kang timbalan ||
38. Tanpa (n)jêkut ning mêngko nèk mêtu nguyuh | awak rasakêna | mêsthi tis-tis tiba katis | wedang tuwa anom datan krasa panas ||

84. Sinom
1. Ki Gunawan aturrira | ing benjang enjang prayogi | lêledhang supadi enggar | ing tyas kataman prihatin | umiyat candhi-candhi | Diyèng kathah warninipun | talaga Pakarêman | babahan Aswatamèki | sumur gumling myang kawah Candradimuka ||
2. Rancangkapti duk miyarsa | kakang sesuk milu mami | ing dalu datan winarna | nahan wus wanci byar enjing | Hyang Surya andhadhari | sadaya apan wus ngrasuk | busana gya sarapan| pinantês dhaharan enjing | wedang êtèh alalap gêndhis kalapa ||
3. Wus dugi dhahar sarapan | wawi anak mumpung enjing | gya linggar saking ing wisma | Gunawan lumakyèng ngarsi | sacakêtting kang margi | miyat candhi cacah têlu | nèng èrèng-èrèng arga | angongkang ing jurang trêbis | kang satunggal aran candhi Duryudana ||
4. Kalih candhi Dhanyang Druna | katiga candhi Sangkuni | ing lampah wus mancat minggah| praptèng nginggil siti wradin | umiyat candhi-candhi | candhi Arjuna jinujug | ing têngah wontên sela | kumalasa lus pasagi | têngah sela krowok isi toya marta ||
5. Langkung asrêpe kang toya | majêng mangilèn kang candhi | ing ngarsane candhi Sêmar | kidulling Arjuna candhi | Sumbadra langkung adi | ing ngarsa mawa lèng agung | Jayèngsari turrira | puniki êlèng punapi | Ki gunawan alon wijiling wacana ||
6. (ng)Gèr punika winastanan | babahan sang Durnasiwi | inggih Bambang Aswatama | ngalèr ngilèn trusannèki | tumindak ngidul myat ing | candhi Puntadewa Prabu | kakalih candhi ngarsa | kêmbar warni alit-alit | winastanan candhi Nangkula Sadewa ||
7. Kidul candhi Puntadewa | winastan candhi Srikandhi | lajêng dènnira tumindak | ngidul ngilèn sawatawis | umiyat candhi asri | aran candhi Bimasunu | ya candhi Gathutkaca | samya ngilèn ajêngnèki | ngidul malih miyat candhi Wrêkudara ||
8. Inggil tur agêng priyangga | arêspati langkung wingit | pribadya majêng mangetan | salêsih dènnya ningali | tumindak ngidul malih | myat Tlagawarna rannipun | we lir kuwung wangkawa | pêthak abrit biru kuning | lirap-lirap kalangkung asri kawuryan ||
9. Mawèh sêngsêming wardaya | anglilipur ing prihatin | ri wusnya myat Tlagawarna | miyat talaga Tus nami | toya kalangkung wêning | katandha dhasaring ranu | gya miyat tlaga Kidang | umobing we mawèh giris | nulya wangsul ngalèr ngilèn lampahira ||
10. Umiyat ing candhi Krêsna | sêmu wingit anglangkungi | rêspati kang wawangunan | kêmput tapis dènubêngi | nulya tumindak malih | mangilèn myat trusannipun | babahan Aswatama | kang anjog ngarsaning candhi | sang dyah adi Sumbadra kasêbut ngarsa ||
11. Kawuri candhi babahan | nulya mangetan lumaris | miyat ing tuk Bimalukar | toya manthur langkung wêning | Buras gupuh marani | kapengin raup myang nginum | tangan kalihnya nadhah | dupi kasêntor ing warih | asru (n)jola ngacêcêng tangan kalihnya ||
12. Rancangkapti dahat suka | tatanya Buras thik mringis | (n)jingklak banjur awèl-wèllan | narêthêg umatur ririh | nuwun raose sami | nyas kadya nadhahi latu | we asrêpe kalintang | jimpe tanganulun kalih | nora majat adhême tuk Bimalukar ||
13. Wangsul mangilèn lampahnya | kathah rêca alit-alit | pinarik pinantha-pantha | wiwitan ingkang kaèksi | tan liyan lir wit kopi | amung awis uwohipun | rahadyan minta wikan | Ki Gunawan turrira ris | lah punika kang nama purwakucila ||
14. Wohipun kenging kinarya | panulaking wisa mandi | sarpa lamun kaungkulan | tanpa karkat angalêntrih | kalabang kalajêngking | ulêr ing sasaminipun | [...Kirang satunggal gatra: 7a...] | Buras gupuh angundhuhi | kanthong kalih kêbak woh purwakucila ||
15. Maring arga ambêg wasta | Pakarêman langkung wingit | têngah sela kumalasa | kathah babalunging paksi | radyan tatanya maring | Ki Gunawan ris umatur | punika balung kaga | sadhengah paksi ngungkuli | Pakarêman tamtu pêjah lajêng dhawah ||
16. Ana ing sela punika | wus tamat nulya ningali | ing kawah Candradimuka | luwêng satêngahing ngardi | isi we sulak kuning | umob lirang gandanipun | tan na kuwasa nyêlak | mawa kukus sawatawis | toya mili nanging kawah datan lukak ||
17. Datan dangu dènnya miyat | lajêng tumurun wus prapti | ing ngèrèng-èrèng sitinya | dèn ambah amêmbêk-mêmbik | gathuk lawan têlagi | akathah maliwissipun | antingan apêpanthan | ana gisiking têlagi | Buras angling apa ta kae antingan ||
18. Ki Gunawan angandika | iya ika êndhog mliwis | nanging ewuh panjupuknya | awit siti tan kuwawi | kalamun dènênciki | amblês êmbuh gadhugipun | Ki Buras miris maras | tumindak aminggring-minggring | lampahira wus tan ngambah siti mêndat ||
19. Miyat sumur Jalatundha | ubênge pinalangan pring | ngaluwêng dhapur kukusan | (n)jawi palang gasik wradin | kathah patilassanning | sêkar konyoh miwah kutug | rahadyan minta wikan | Ki Gunawan turrirèki | sabên malêm Anggara Kasih punika ||
20. Kathah janma kang tirakat | wontên ingkang minta sugih | wontên minta kadrajatan | wontên minta dènkasihi | myang minta darbe siwi | wontên minta têguh timbul | sontên angobong dupa | manawi wus têngah ratri | angglundhungkên timba bumbung binandhulan ||
21. Sela bundêr agêng madya  |  supadi enggal lampahing  |  timba prapta (ng)gyanning toya  | yèn katrimah sêdyanèki  |  pangraos sawêk kalih  |  dhêpa sampun angsal ranu | gya inginum saêkal  |  [...Kirang satunggal gatra: 8i...]  | kenging (m)bêkta lamun kinarya sarana ||
22. Manawi datan katrimah | dalomokipun pawarti | tali ngantos sèwu dhêpa | tinarik tan antuk warih | Ki Buras anyêlaki | nginguk lêbête kang sumur | singunên giris ing tyas | badannya sakojur mrinding | undurrira alon-alon ulat biyas ||
23. Cakêt lawan Jalatundha | wontên toya ingkang mili | saking sapucaking arga | nanging lampahe kang warih | (n)dadak anyimpang têbah | datan lumêbêt ing sumur | mangkana dènnya miyat | ing Diyèng saurutnèki | tan rêkasa ing tyas datan mawi kêmba ||
24. Ki Gunawan aturrira | wus têlas kang dèntingali | prayogi wangsul mring wisma | bilih kadalon nèng ngriki | saèstu tan kuwawi | mindhak-mindhak asrêppipun | radyan matur sumangga | tumurun wus praptèng panti | pasugata tinata tharik samêkta ||
25. Wawi anak lajêng dhahar | rayi paduka kalantih | sahari datan anadhah | sang dyah angandika aris | kasêngsêm umiyat ing | candhi miwah sanèssipun | mawèh rênaning driya | dumadi tan ngrasa ngêlih | Ki Gunawan ngandika Alkamdulillah ||
26. Wus wawanting toya panas | pakantuk dènnira bukti | cinarik sinungkên Buras | tanpa taha dènnya bukti | kasrêtên minta warih | sinungan wedang kumêbul | gya inginum nir rasa | panas asrêp kadi warih | mung gugusi lambe lidhah kraos lidhas ||
27. Radyan matur mring Gunawan | candhi Duryudana tuwin | candhi Druna candhi Suman | candhi Puntadewa aji | candhi Arjuna candhi | Nangkula Sadewanipun | kalawan candhi Bima | tuwin candhi Dwarawati | ngajêngipun wontên sela kumalasa ||
28. Pasagi sinangga ompak | kubêngira pinarigi | bulêt ingukir lung-lungan | têngahing sela waradin | sinêrat sastra rêmit | kadiparan ungêlipun | mèsêm Kyai Gunawan | atur wangsulan mrakati | sastra Buddha ingkang tumrap wontên sela ||
29. Punika apan pèngêtan | pambêkannya kang cinandhi | ngungsêd Radyan Jayèngsêkar | mugi kaparêng ing galih | amêdhar suraossing | sadaya ingkang kasêbut | anèng sela sasanga | nanging tinêmbungna Jawi | inggih anak punika langkung prayoga ||
30. Winarna pambêkannira | sira Prabu Kurupati | puguh sêbarang kinarsan | mituhokkên ing panggalih | adrêng pikir ginêlis | ayo jangjine tumanduk | rikat nanging guguppan | ing atur tan tinaliti | mungkur marang carita mawa surasa ||
31. Ranning ondhe miwah adat | lêlabuhan ala bêcik | tan arsa nguningannana | nurut karsane pribadi | rêmên akarya wiwit | gagrak anyar kang sinarju | lumintu paring dana | ambungahakên wong cilik | nanging ingkang ambyuk angubungi karsa ||
32. Yèn ta mungguh kang mangkana | kaugung kapati-pati | wus datan asubasita | ilang tataning narpati | katon tyas nanging jirih | watak molor nora mulur | yèn mênêng lir gupala | ngumpêt karsa tan ngrapêti | gojag-gajêg uga iya uga ora ||
33. Manawa na tur wanodya | ingkang dadya suprih pamrih | anjalari sukawirya | myang (n)drêbalane mas picis | iku rêna kapati | pangarabe nora uwus | yèn durung tibèng karsa | sarwa nora pisan ering | ing sujanma mangun tèki tapabrata ||
34. Malah punika ingaran | wong papa sudra anisthip | awit tan ngubungi karsa | kabungahanning ngaurip | anggêppe ing panggalih | marang Hyang Suksma linuhung | sayêkti nora liya | mungguh Bathara linuwih | tanpa rupa muhung jatine priyangga ||
35. Krana kawasèng kaanan | tanpa cêgah tanpa sirik | milih sakèhing gumêlar | ingkang purbamisesani | têtêp karsaning Widdhi | sida dumadi tan lêbur | tamat pambêkannira | sang aprabu Kurupati | gantya Arya Sangkuni patih Ngastina ||
36. Watêkannipun kinandha | pradulèn ngaruh-aruhi | nora kêna wong kumlebat | thik-ithik dipun waoni | gawe sêriking ati | sikon saronne lumintu | tingkah solahing liyan | mung tansah dipun owahi | nora nana sawiji kang kabênêran ||
37. Pasthi tumiba ing lêpat | yèn nana ngarsa Sangkuni | sanadyan uwis bênêra | gumrêmêng maoni ririh | saradan tudang-tuding | anyungir ulate rêngu | yèn lêkas pagunêman | nora liya-liya malih | pan wus kêna pinasthèkkên lamun nacad ||
38. Ngrasani alaning janma | dèn andhar awit jêjênthik | suku minggah kongsi prapta | pucuk rambut tanpa uwis | dadi rênaning galih | yèn nyatur tindak kang dudu | kinarya cagak lênggah | ngira-ira mring sasami | mung alane bae ingkang pinêthikan ||
39. Nora pisan angetokna | bêciking liyan pinurih | sirna kadhang tinutupan | pamrih arahing panggalih | dimèn aja ngungkuli | ya marang sariranipun | yèn ana wong kakandhan | nora ngalêm mring Kya Patih | miwah nora carita alaning janma ||
40. Pasthi ambanjur pinapas | aja ambanjur cariwis | tur yèn tinunjêl ing rêmbag | anjêlomprongakên amrih | dudune ing sasami | lamun lêkas gawe dhawuh | mlaksana amisesa| ngawang ngawur tan dumugi | ing wasana tan tumibèng karaharjan ||
41. Kang pasthi dadya panggrêsah | pêgêl sayah anglakoni | praptèng (n)don dadi tutuhan | prandene bisa ngingêrri | ing catur anyelaki | iku mau kurang anu | lamun ta mangkeneya | iya tumiba ing dadi | lah ta ora padha ngati-ati ing tyas ||
42. Pan mangkono Arya Suman | yèn tinutuh ing prakawis | malah malês nutuh (n)dadra | ngêncêngi bênêr pribadi | suthik yèn dènaranni | luput parentahe ngawur | banjur angisis jatha| ana kamituwa dadi | iku goroh yèn aku nora bênêrra ||
43. Saking luputmu priyangga  |  malengos kang sinung angling  |  wus watake kyana patya  |  ing rêmbag (ng)garèndhèl wuri  |  garêgêding panggalih  |  sadina-dina pan namung  | amrih ara-uruwa | gègèra ingsun angutil | gêrahuyang yèn ana arjaning jaman ||
44. Jalukane awèwèhan | kumêt tur rada nylêkuthis | dene anggêppe ing driya | marang Hyang Suksma Linuwih | Gustine têtêp Gusti | kula ya kawula tuhu | marma kudu akarya | anyuprih bêciking dhiri | supayane dadi tumiba ing mulya ||
45. Kudu mangangkah tan kêndhat | angêndhak gunaning janmi | ngala-ala mring manungsa | aja ana kang ngungkuli | supadya dadya kèksi | badanne dhewe linuhung | ngalela anèng jagad | pangrasa bêcik pribadi | dadi sida katarima Hyang Wisesa ||
46. Sangêt condhong Sri Narendra | Jakapitana ing patih | Sangkuni klakuanira | rêsêp ing tyas narapati | myang ingkang para ari | kurawa sadayanipun | tan ana kang sulaya | gilig golong kang panggalih | abiyantu ing karsa jêng sri pamasa ||
47. Rumojong sêdya swuh brastha | gung kinarya sêkar lathi | anurut parentahira | kang paman Arya Sangkuni | sabarang pamrayogi | tan nana ingkang winangsul | saatur-aturrira | tamtu bisa nuju kapti | marma tansah cakêt nèng ngarsa narendra ||
48. Kinarya mantriwisesa | kaprêcaya nguwasani | kabèh bot-repotting praja | mêncarkên karsèng narpati | sukêr walêdding nagri |
kasrah bang-bang alum-alum | kang rawe-rawe rantas | malang-malang dènputungi | idu gêni ering kabèh wong sapraja ||
49. Wus tamat watêkannira | Kya Patih Arya Sangkuni | kang myarsa sadaya suka | radyan aturrira aris | saèstu anyèplêssi | lan wujud wayanganipun | paran pambêkannira | Dhanghyang Druna maharêsi | Ki Gunawan anglajêngakên carita ||
50. Pupundhèn nagri Ngastina | dadya pangumbahan pikir | kang minangka tuwanggana | -ning praja tinuwi-tuwi | sapa sinambatting sih | risang Baratmadyasunu | ya Bambang Kumbayana | satriya ing Ngatasangin | angajawa apaparab Dhanghyang Druna ||
51. Adhêdhepok Sokalima | jroning wawêngkon nagari | Ngastina gung sinunggata | tuhu pandhita linuwih | cipta anggêpe maring | Hyang Widdhi batharanipun | sinêru mêngku puja | pinrih wor agal lan rêmit | ywa kasêlan ing pangragasuksmanira ||
52. Lamun nora mangkonoa | mungguh kawula puniki | yêkti nora darbe daya | (ng)gonne bisa mobahmosik | malah kaworan saking | Hyang Purbamisesanipun | loro-loroning tunggal| têtêp-tinêtêpan sami | dadya amung kawula darma lumakya ||
53. Wêwatêkannira marang | sasaminirèng dumadi | sisinglon sabarang karya | nora kêna yèn dinugi | saking pêncaring angling | labêt loro-loro têlu | tan ngêmungkên sajuga | kaarah nyampar pakolih | ing pirêmbag mubêt kêsit nora panggah ||
54. Pakolèhe kang supaya | aywa katlindhês ingkang ngling | ingkang tumiba ing ala | amung kang tumibèng bêcik | katonna rêmbug saking | iya ing sariranipun | marma cinalang-calang | pakewuhe kang ginati | salingkuhe wiweka dinèkèk ngarsa ||
55. Palèsèddan ing wicara | pangarêp ngenaki ati | nanging sadalêmming cipta | mandêng caloroding kapti | yèn wus wruh dènjurungi | pinèt saprayoganipun | awiknya ngamandaka | ing sabda tan ngatawisi | awit saking kinêmbong basa mardawa ||
56. Ngêgungkên pangêla-êla | ginunturan ing mamanis | abang lambe marakdriya | wisa martane ngênani | kadhang warta wisaning | anggutuk lor kêna kidul | marma sang Dhanghyang Druna | mêngkono watêking ati | ing uwite saking kasluruning lampah ||
57. Dahat adrênging wardaya | duk maksih nèng Ngatasangin | tan arsa gumantyèng rama | amung sangêt mangun-tèki | kapati mati-raga | nora sare dhahar nginum | mênêng manungku puja | manuh manawa manonni | kalêksanan antuk wangsiting jawata ||
58. Yèn sanyata mamrih sira  |  mring kamulyaning jagad tri  |  wudharên tapabratanta | lumakuwa angajawi  |  ng kono ana janmi  |  kakasihing jawata gung  |  turasing Sang Hyang Brahma  |  nanging karsaning Dewa di  | ing samêngko pan maksih kinarya samar ||
59. Durung katon kawistara | maksih dipun waranani | dening Hyang Jati wasesa | srana andhapasor sami | mamrih raharjèng budi | tapabratane sinamun | asorre ngêmu rasa | Pandhu Dewanatasiwi | Narapati nagara gung ing Ngastina ||
60. Wus dadi pratiknyanira | sinung papancène pasthi | dening Hyang Jagad Pratingkah | singa-singa wong kang asih | miluta anyêdhaki | bisa momong marang iku | sayêkti katarima | barang pamudyane dadi | wus mangkono iya ora kêna cidra ||
61. Marma Bambang Kumbayana | enggal dènnira lumaris | ngulati mring tanah Jawa | mituhu ucapping wangsit | samana sampun prapti | nanging kaloloh ing laku | labuh labêting arda | tumpang so sabarang kardi | ngungun ing tyas wau Risang Rêsi Druna ||
62. Awit dudu kang sinêdya | mungguh Ngastina nagari | rèhning wus bangsa pandhita | dadya sêdya tan gumingsir | mantêp têtêp nglakoni | laku ingkang wus kabanjur | kacêmplung nèng Ngastina | momong Prabu Kurupati | mung ing batin miluta Nata Pandhawa ||
63. Lan mungguh Sri Duryudana | dahat dènnira mumundhi | marang risang Dhanghyang Druna | angangge guru marsandi | ing rêmbag gung tinari | pra samya kèlu kalulun | wong sapraja Ngastina | mangastawa ngaji-aji | amiminta aji jaya kawijayan ||
64. Sang Nata sadina-dina | mèh nora sah lan sang rêsi | lawan sira Arya Suman | iya sang Patih Sangkuni | ingkang minangka tali | ngêncêngi sagung rinêmbug | wani toh lara pêjah | mantêp ora angoncati | marma nurut nata mring sarkaranira ||

85. Dhandhanggula
1. Sampun titi pambêkannya Rêsi | Sokalima mangkya ulun mêdhar | kang sinung sih Jawatane | sira sang Pandhusunu | Sri Iswara Cintakapuri | miwah sakadangira | kalima winuwus | kalakuwanira samya | Prabu Darmakusuma Yudhisthira ji | iya sang Dwijakangka||
2. Iya Darmawangsa sri bupati | Puntadewa Guna Talikrama | Cintakapura prajane | Ngamarta ya winuwus | ing Batanakawarsa dening | panênggaking Pandhawa | risang Bayusunu | iya Arya Bratasena | Wrêkudara ya Kusumayuda tuwin | sang Bima gêng birawa||
3. Paparab satriya Jodhipati | nunggil munggwèng sajroning nagara | de kang dadi panêngahe| satriya surasadu | Madukara ingkang ngrênggani | paparab Dananjaya | ya sang Pandhusunu | Palguna Arjuna Parta | Endraputra Janaka Radèn Jahnawi | Prêmadi ya Pamadya ||
4. Lawan bibisik Prabu Karithi | nanging muhung ana ing suwarga | ing Tejamaya siniwèng | dening pra surawadu | yèku nama Prabu Karithi | malih sang Pandhuputra | dwi warujunipun| dhêdhepok ing Tanjungtirta | sakaliyan sapa dasanèng wawangi | Nangkula lan Sadewa ||
5. Jangkêp gangsal ing mangkya winarni | pambêkannya Sri Darmakusuma | rumangsa kawula kiye | ing tyas marmanya kudu | karya bêcik marang sasami | pangangkah aywa kêndhat | asarananipun | nêpungakên kabêcikan | marang liyan kang widadaa basuki | lan norring jiwa raga ||
6. Kang supadya sidaning dumadi | mindêng-mindêng ngudang katarima | sumuci mring batharane | jumitaning sumungku | nungku tama mamati kapti | sakarsanirèng liyan | katampèn rahayu | sanityasa tyas susanta | sêtyaning ngling sêdya mrih rênaning ati | tan tilar parikrama ||
7. Sakarsane tan arsa sak sêrik | -ira marang sakèhing tumitah | wahyane pamuwus sarèh | sarèh sarekaning hyun | sêmu mênêng tan mardulèni | sasolah bawaning lyan | pan namung jinurung | kang katampik nora nana | mung kalêbut watak angaruh-aruhi | amot mêngku ing driya ||
8. Yèn ngandika tansah angiribi | nora pisan yèn nyulayanana | marang sasama-samane | sarênganing tumuwuh | panyiptane ing Suksma jati | kang murwa ing bawana | bisaa sawujud| ilanga jênêng kawula | panganggêpe wus mati sajroning urip | kamulyaning kaanan||
9. Ing (n)jaba jro jinumbuhkên sukci | kadya palwa kamot ing samodra | tan sêsak dening sarahe | mis bacin ganda arum | rêgêd rêsik agal lan alit | kalêbu tan tinulak | sumungku ring ayu | ing pangrasa sukmanira | pan linanggêngakên kalawan pamuji | wus tanpa pilih papan ||
10. Mandêng Maha Sukcining Hyang Widdhi | kang winanuh jaman têpêtloka | sumingkir marang karamèn | tan karya sukèng kalbu | ing kaanan sawiji-wiji | ing jagad Janaloka | cinipta tan wujud | wus mulih aranning kuna | sampun tamat pambêkan Sri Pandhusiwi | mangkya gantya winarna ||
11. Pambêkannya risang Bayusiwi | sira Radyan Arya Wrêkudara | sang Bratasena parabe | kaku ananging kukuh | nora tau akarya wiwit | mucuki ing prakara | adoh saking iku | ing samangsa wus katatap | ing panggalih panggah nora wigah-wigih | tan ana cinêgahan ||
12. Nora nganggo tèdhèng aling-aling | apa barang sakarsa balakan | tan nganggo bêcik-bêcike | lamban bae ing catur | lomas-lamis iku tan sudi | nya dhadha êndi dhadha | ywa kakèhan rêmbug | singa bêcik binêcikan | singa ala iya pasthi dialani | amuk rêbutên ing prang ||
13. Kêncêng lêmpêng nora minggrang-minggring | nir wikara nir baya nir pringga | têtêg sabarang karsane | tan nganggo singan-singun | ala bêcik bêcik tumuli | ewuh pakewuh tanpa| bênêre linajur | ngukuhi kêcaping kata | etang wuwus yèn wus wêdhar dènrungkêpi | tan nana kinèringan ||
14. Wus tan ngetung lara lawan pati | tan suminggah sêdya linaksanan | ngantêpi basane bae | tan kêndhak dening ridu | nadyan para jawata sami | tan kêna malangana | ing sakarsanipun | anggêpe mring Hyang Wisesa | nora sêlak lamun kinarya gagênti | ilang was-wasing driya ||
15. Sajatine bathara linuwih | nora arah ênggon warna rupa | kalimputan ing anane | purbawisesanipun | pribadi sang sidaning dadi | wus wiratamèng cipta | pupuntoning kawruh| kawula wus tan rumangsa | Arya Sena tan bèncèng-cèwèng maligi | wênang adarbe karsa ||
16. Srana mantêp têtêp tan gumingsir | bêtah ngangkah yèn durung kalakyan | apa kang kinarsakake | nora marêm ing kalbu | lamun durung prapta sajati | jati-jatining karsa | sinêru sinêngkut | wus tamat pambêkannira | Arya Sena wong agung ing Jodhipati | mangkya ingkang winarna ||
17. Pambêkannya Rahadyan Pamadi | Arya Dananjaya sang Arjuna | anênggih Radyan Pamade | sang Batharendrasunu | apaparab Prabu Karithi | kêkêmbange bawana | Madukara mêngku | sang Parta iya Janaka | amanjaya jayane sang jayèng jurit | prawira widigdaya ||
18. Amumpuni ing guna kasêktin | datan kewran gêlarring ngayuda | têtêg tatag sabarang rèh| sarèh sasmita putus | tatas buntas yitnèng wigati | wiweka surèng laga | lêga lir tumambuh | tapa tapaking warastra | munggwèng graninng kang arga antikswa lungit | ing rat tuhu minulya ||
19. Mila dadi kondhang ing sabumi | sira Rahadyan Andananjaya | saking budi paradhahe | sring ngêtog ing sakayun | ing sujanma jalu lan èstri | sakarsa linanggatan | tan ana winangsul| nadyan surendra bawana | pra jawata tuwin kang para apsari | inguja sakarsanya ||
20. Karya rêsêp mring rowange linggih | rêspatine ngunguwung kawangwang | bisa basa basukine | mardawa ing pangungrum | kaduk-manis ambajong liring | kumêclap nuju prana | kang kêna kumêpyur | dhasar sêmbada ing warna | wus kaonang-onang ing jana yèn sigit | sêdhêng dêdêg pidêksa ||
21. Bang-bang awak ing sarira lêntrih | rurus raras wingit lir ngongotan | antêng mintir graitane | tan pati kaduk (ng)guyu | mung èsême dèn incrat-incrit | sumèh ing pasamuwan | ing sêmu sinamun | jroning naya mawa cahya | ing wacana lir wimbaning sitarêsmi | parigêl paribawa ||
22. Ing kabuddhan tuhu andhèwèki | babaguse wayuh wong sanambang | mêksa katon unggul dhewe | manawa ing panggunggung | binanjurna kamot ing tulis | langkung pangêla-êla | kirang papannipun | mangkana sang Endraputra | bisa manjing ajur-ajèr agal rêmit | tan kewran ing kaanan ||
23. Dhasar bêtah tapabrata lêsning | Mintaraga tama êning coba | kalis godha rêncanane | panganggêpirèng kayun | kang kawasa amisesani | sayêkti tan kasêlan | ing olah kang dudu | dadalan kang murbèng titah | kamulane limput-linimputan ing sih | satunggal nora tunggal ||
24. Nora tunggal ananging ngêmori | yêkti lamun iya uga iya | iya iku dudu kiye | agampang nanging ewuh | pasthi dunung tan andunungi | kêncêng têrkadhang mêmbat | sumendhe sumangguh | agagah nora agahan | sagah dèrèng kinantên pasthi ananging | yèn sêlak botên pisan ||
25. Anut mangsa kalaning dumadi | nyata lempoh angidêri jagad | iya kana iya kene | amung babasanipun | ya bojomu ya bojo mami | dene ta garwaningwang | têtêp garwaningsun | wus titi ingkang pambêkan | satriya nung ing Madukara ngrênggani | mangkya gantya winarna ||
26. Watêkannya risang Pandhusiwi | kang sumêndhi myang wuragilira | ing warna tan na sanèse | myang solah bawanipun | sang Nangkula Sadewa sami | tan pae ing paeka | sakaliyan jumbuh | marang Hyang Purbawisesa | mung sumarah datan andarbèni kapti | mênêng tan mêngku karsa ||
27. Nora nana kang dèn paran ati | nora suka lan nora sungkawa | iya apa satibane | karsane Maha Luhur | sakarêntêg nora sak sêrik | wus ngiwullakên cipta | rêsik tan sumênut | sagalugut nora nana | kang kinarsan apa sêdya paring bêcik | wus nora pisan-pisan ||
28. Apa dadi ala kang kinapti | ala manèh kalamun arêppa | kang bêcik nora rinanggèh | dadya mung gumalundhung | angalindhung maring Hyang Widdhi | tan darbe tatampikan | tan darbe panuwun | tan darbe dayaupaya | amung lila sukur pasrah ing dewa di | awit Hyang Wicaksana ||
29. Mring sasama samaning ngaurip | tan mlaku-mlakuwa kinèdhêpan | sawêruh-wêruhe dhewe | ala bêcik tan muwus | iya nora tan angrasani | kang mangkene mangkana | tan nacad lan (ng)gunggung | urippe mung babarêngan | sande siyos baya pinanggih pribadi | tan ana paran-paran ||
30. Sakaliyan sungkêmira sami | saparentahing raka sakarya | sadaya sakarsa dhèrèk | ajurra kumur-kumur | yèn pakonne dipun jurungi | tan pisan sumingkira | sumungkêm samya nut | titi tamat pambêkannya | satriya di Nangkula Sadewa lêwih | gantya kang winursita ||
31. Sastra ingkang tumrap sela munggwing | sangarêpe candhi Krêsna apan | sasambêtan suraose | ingkang sampun kasêbut | pambêkannya sang Pandhusiwi | myang Krêsna cariyosnya | punika nak bagus | kalimanirèng Pandhawa | wus ubaya lan sakadangira sami | aywa sah sing sasana ||
32. Asor-unggul malarat lan sugih | mati-urip lan lara-kapenak | salah siji labuh kabèh | sabiyantu ing kayun | tan sulaya sabayapati | yèka kang patêmbaya | ing upaminipun | antigan sapatarangan | pêcah siji kabèh milu ambelani | swuh brastha suka lila ||
33. Sanadyan wus mangkono kinapti | sang Pandhawa prandene tan tilar | arêmbag saprayogine | kang raka sang inastu | narendra di ing Dwarawati | sri nata Danardana | Padmanaba Prabu | paparab Bathara Krêsna | Wisnumurti ya Kesawa Arimurti | narpati Narayana ||
34. Amung kadang naksanak saking stri | lan Pandhawa nanging wus ubaya | gêmah rusak bela bae | kalima sunu sarju | dadi nême sang Wisnumurti | marma sêdya mangkana | Sri Krêsna puniku | kalawan Radèn Janaka | sakaliyan sami katitisan dening | kyatingrat Sang Hyang Suman ||
35. Wus pinaro karsaning Hyang Luwih | panitise Hyang Wisnu Bathara | angagal kaalusane | pisah roroning dhapur | saupama lir sosotya di | lawan êmbanannira | samodra lan alun | kadya surya lan sorotnya | puspita bra ngambar gandanira sumrik | lir jiwa anèng raga ||
36. Lumah kurêpping suruh upami | yèn dinulu beda seje warna | ginigit padha rasane | mangkono pindhanipun | nata Krêsna lawan Jahnawi | lugune nora beda | sami titis Wisnu | wus ngalela ngejawantah | tuhu tunggal pinangka padha sawiji | sudibyèng jagadraya ||
37. Bisa nuksma kang agal myang alit | krêtarta saolah kridhaningrat | kang minangka prajuritte | kontanning jawata gung | kinèn munah laku durniti | angkara ngangsa arda | adrêng pakarti dur | ing rèh rurusuh rinusak | Sang Hyang Wisnu ingkang andarbèni kardi | anggêmpur kala murka ||
38. Nora pae sajroning wus nitis | têtêp tumurun mring ngarcapada | lêstari ing pakaryane | marma sang antuk wahyu | katitisan sang Wisnumurti | ing watak kalakuwan | myang pambêkan jumbuh | aji kaote samantra | sang Arjuna angumbar karsa ngratani | yèn Krêsna rada cêgah ||
39. Amung ngudi dadining pambudi | kawaspadan lêpasing graita | wicaksana sasanane | siddhi paningalipun | ing wêweka pangati-ati | limpad ing pasang cipta | wruh ing iya dudu | ing nistha madya utama | tuman têmên ta sujananing naya di | mring sêmu nora samar ||
40. Sakarêntêg iya nora pangling | marang sande siyosing prakara | kinarang nèng graitane | bisa manis ing têmbung | wruh ing têmbung kang kandêl tipis | miwah kang dawa cêndhak | mandhêk lawan laju | anuhoni asthabrata | nora wangwang ing sabda tatas patitis | putus ing pasang cipta ||
41. Yèn ngandika karya sukèng ngati | lawan nora mathênthêng miyagah | kadya pangangguran bae | manis winoran cucut | tumarêcêp sabda tarincing | angandhar tan nglêmpara | wossing tan kalimput | limpating budi kumêpyar | lamun nyandhak karya kêkênthêl lan pikir | pan nora amisesa ||
42. Dhèmês ngêtrap lamis nanging dhamis | tan katara lamun ngumpêt karsa | rapêt ing pasambunganne | bisa nigas anyambung | ambabangun ayêmming ati | awit carita krama | karêm olah sêmu | ênggon wangsulle mikêna | kêdhap-kêdhap kocaking netra lan alis | tan kawistarasmara ||